SUGENG RAWUH....
Tampilkan postingan dengan label tembang. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label tembang. Tampilkan semua postingan

Kawruh Tembang Macapat

Senin, 08 Juli 2013

| | | 0 komentar

Macapat iku tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Ana sawetara panemu, tembung macapat asale saka {ma-} lan {cepat}. Karepe, tembang macapat iku pamacane rikat, ora alon, lagune ora kakehan cengkok. Ana maneh sing negesi jarwo dhosok : tembung macapat ‘pamacane papat-papat’. Karepe, yen nglagokake pamedhoting gatra wiwitan tiba wanda kang angka papat. Tembang macapat kapathok ing guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
Macapat kanthi jeneng sing béda uga bisa ditemokaké jroning kabudayan Bali, Sasak, Madura, lan Sunda. Sajabané kuwi macapat uga naté ditemokaké ing Palembang lan Banjarmasin. Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman Majapahit lan wiwitané pengaruh Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah. Sebab ing Jawa Wétan lan Bali macapat wis dikenal sadurungé teka Islam.
Puisi tradhisional Jawa utawa tembang biyasané dipérang dadi telung kategori: tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé. Macapat digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak. Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.
Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang basa Sangsekerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.
Aturan-aturan jroning macapat mau antara liya:
  • Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait).
  • Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
  • Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra
Tembang kang kalebu macapat yaiku:
  1. Maskumambang
  2. Mijil
  3. Kinanthi
  4. Sinom
  5. Asmaradana
  6. Gambuh
  7. Dandanggula
  8. Durma
  9. Pangkur
  10. Megatruh
  11. Pocung

Maskumambang
Gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
Maskumambang
Maratani mring anak putu ing wuri
Den padha prayitna
Ajana kang kuma wani
Mring biyung tanapi bapa

Mijil

Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
Mijil
Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis

Kinanthi
saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
Kinanthi
Saranane wong yun luhung
Betah tapa kurang guling
Elinga solah jatmika
Yen wicara kudu manis
Murih sengseming sasama
Samaning manungsa sami

Sinom
tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
Sinom
Nulada laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong Agung ing Ngeksianda
Panembahan Senapati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nenpsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyas ing sasama

Asmaradana
tegese rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baline) kang kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi.
Asmaradana
Aja turu sore kaki
Ana dewa nganglang jagal
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandang kalawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima

Gambuh
saka tembung jumbuh/sarujuk kang ateges yen wis jumbuh/sarujuk njur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
Gambuh
Aja nganti kabanjur
Barang polah kang nora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos

Dandanggula
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh biso kasembadan. Kelakon duwe sisihan/keluarga, duwe anak, urip cukup kanggo sak kaluarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
Dhandanggula
Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing hokum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawewehing lyan
Iku pantes sira guranana kaki
Sartane kawruh ana

Durma

Saka tembung darma/weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma/weweh marang sapadha-padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.
Durma
Ingkang eling iku ngeling ana marang
Sanak kadang kang lali
Den nedya raharja
Mangkono tindak ira
Yen tan nggugu iya uwis
Teka meneng amung aja sok ngrasani

Pangkur

Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-padha.
Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton punika dipun kadulu
Miwah ingkang tata karma
Den kaesthi siyang ratri

Megatruh

Saka tembung megat roh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
Megatruh
Para janma sajroning jaman pakewuh
Kasudra nira andadi
Dahurune saya ndarung
Keh tyas mirong murang margi
Kasetyan wus nora katon

Pocung/Pucung
Yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge
dikubur.
Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawankas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara



(dari berbagai sumber)

Tembang Dolanan

| | | 0 komentar

 Tembang dolanan yaiku jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paugeran gatra, guru lagu, guru wilangan, lan dhong dhing. Tembang dolanan iku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané. Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit. Tembang dolanan uga kalebu tradisi lan salahsatunggaling warisan budaya sing adi luhung pantes diuri-uri lan dilestarekake. Yen diteliti kanti permati, tembang dolanan akeh tegese lan ngandhut pitutur luhur ing saben ukarane.  
Iki kaca kanggo ngumpulake syair tembang dolanan utawa tembang sing kerep diunekke bocah-bocah.
  • Cublak-cublak Suweng
  • Gajah Gajah
  • Gambang Suling
  • Gundhul Pacul
  • Jamuran
  • Jaranan
  • Kidang Talun
  • Kupu Kuwi
  • Lir Ilir
  • Menthok Menthok
  • Padhang Bulan
  • Pitik Tukung
  • Suwe Ora Jamu
  • Numpak Prau Layar
Cublak-cublak Suweng iku sawijining tembang dolanan, sing biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik sinambi dolanan bebarengan kanca-kancané. Surasa tembang Gajah gajah kaya tinulis ing ngisor iki:


Cublak-cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé gosong
Sir sir pong dhelé gosong

Gajah-gajah kuwi salah sawijining tembang dolanan sing kerep ditembangaké déning bocah-bocah cilik sinambi dolanan. Surasa tembang Gajah gajah kaya tinulis ing ngisor iki:
Gajah, gajah, mréné tak kandhani jah
mripat koyo laron, siung loro, kuping gedhé
kathik nganggo tlalé
buntut cilik, tansah kopat kapit
sikil koyo bumbung
mung mlakumu mégal mègol

Gundhul Pacul awujudaké tembang bocah-bocah kang populèr ing Jawa Tengah. Tembang iki kalebu tembang lelucon. Surasané tembang kasebut, koyo kang tinulis ing ngisor iki:
Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
 
Gambang Suling
Gambang suling, ngumandhang swarané
thulat thulit, kepénak uniné
uuuuniné mung
nreyuhaké ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangane

Menthog-menthog
Menthok, menthok, tak kandhani
mung rupamu, angisin-isini
mbok yo ojo ngetok, ono kandhang waé
enak-enak ngorok, ora nyambut gawé
menthok, menthok ... mung lakukumu megal megol gawé guyu

Jaranan
jaranan
jaranan
jarane jaran teji
sing numpak ndoro Bei
sing ngiring para santri
Jrek jrek nong
Jrek jrek gung
Jrek jrek nong
Jrek jrek gung
Jrek jrek nong
Jrek jrek gung

Suwe ora jamu
Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan gawe gela

Numpak Prau Layar
Yo kanca nang ndi sing gembira
Ing dina minggu keh pariwisata
Angliyak numpak prahu layer
Alerap lerap banyune segara
Alon prahune wis nengah
Pyak pyuk pyak banyu penelah
Ora jemu jemu karo mesem ngguyu
Ngilangake lara lungkrah lesu
Adi njawil Mas jebul wis sore
Witing kalapa katon ngawe awe
Prayogane becik bali wae
Dene sesuk esuk tumandang
Nyambut gawe

Jamuran

Jamuran ya gégé thok
Jamur apa ya gégé thok
Jamur gajih mbejijih sa ara-ara
Sira mbadhé jamur apa


Kidang Talun
Kidang...talung
duwe anak.... talung
mil ketemil .... mil ketemil
si kidang mangan lembayung

Pitik Tukung
Aku duwe pitik pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gok petok petok ngendok pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondol trondol tanpa wulu
Mondol mondol dol gawe guyu

Lir ilir
Lir ilir lir ilir tandure wong sumilir
Tak ijo royo royo
Tak sengguh penganten anyar
Bocah angon bocah angon penekno blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekno kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro dodotiro kumintir bedah ing pinggir
Dondomono jrumatono kanggo seba mengko sore
Mumpung padang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo surak’0 surak hiyo



(dari berbagai sumber)