Macapat
iku tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Ana sawetara panemu, tembung macapat asale saka
{ma-} lan {cepat}. Karepe, tembang macapat iku pamacane rikat, ora alon, lagune
ora kakehan cengkok. Ana maneh sing negesi jarwo dhosok : tembung macapat
‘pamacane papat-papat’. Karepe, yen nglagokake pamedhoting gatra wiwitan tiba
wanda kang angka papat. Tembang macapat kapathok ing guru gatra, guru lagu, lan
guru wilangan.
Macapat kanthi jeneng sing
béda uga bisa ditemokaké jroning kabudayan Bali, Sasak, Madura, lan Sunda. Sajabané kuwi
macapat uga naté ditemokaké ing Palembang lan Banjarmasin. Macapat
dikira muncul ing pungkasan jaman Majapahit
lan wiwitané pengaruh Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah.
Sebab ing Jawa Wétan lan Bali macapat wis dikenal sadurungé
teka Islam.
Puisi tradhisional Jawa utawa
tembang biyasané dipérang dadi telung kategori: tembang cilik, tembang
tengahan lan tembang gedhé.
Macapat digolongaké kategori tembang
cilik lan uga tembang tengahan,
déné tembang gedhé arupa kakawin
utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora
dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak. Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk
marang kidung,
puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.
Yèn dibandhingaké karo kakawin,
aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning
basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang basa Sangsekerta,
jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.
Aturan-aturan
jroning macapat mau antara liya:
- Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait).
- Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
- Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra
Tembang
kang kalebu macapat yaiku:
- Maskumambang
- Mijil
- Kinanthi
- Sinom
- Asmaradana
- Gambuh
- Dandanggula
- Durma
- Pangkur
- Megatruh
- Pocung
Maskumambang
Gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
Gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
Maskumambang
Maratani mring anak putu ing wuri
Den padha prayitna
Ajana kang kuma wani
Mring biyung tanapi bapa
Mijil
Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
Mijil
Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Kinanthi
saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
Kinanthi
Saranane wong yun luhung
Betah tapa kurang guling
Elinga solah jatmika
Yen wicara kudu manis
Murih sengseming sasama
Samaning manungsa sami
Sinom
tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
Sinom
Nulada laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong Agung ing Ngeksianda
Panembahan Senapati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nenpsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyas ing sasama
Asmaradana
tegese rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baline) kang kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi.
Asmaradana
Aja turu sore kaki
Ana dewa nganglang jagal
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandang kalawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima
Gambuh
saka tembung jumbuh/sarujuk kang ateges yen wis jumbuh/sarujuk njur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
Gambuh
Aja nganti kabanjur
Barang polah kang nora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
Dandanggula
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh biso kasembadan. Kelakon duwe sisihan/keluarga, duwe anak, urip cukup kanggo sak kaluarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
Dhandanggula
Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing hokum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawewehing lyan
Iku pantes sira guranana kaki
Sartane kawruh ana
Durma
Saka tembung darma/weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma/weweh marang sapadha-padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.
Durma
Ingkang eling iku ngeling ana marang
Sanak kadang kang lali
Den nedya raharja
Mangkono tindak ira
Yen tan nggugu iya uwis
Teka meneng amung aja sok ngrasani
Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-padha.
Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton punika dipun kadulu
Miwah ingkang tata karma
Den kaesthi siyang ratri
Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
Megatruh
Para janma sajroning
jaman pakewuh
Kasudra nira andadi
Dahurune saya ndarung
Keh tyas mirong murang margi
Kasetyan wus nora katon
Pocung/Pucung
Yen wis dadi layon/mayit
banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge
dikubur.
Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawankas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
(dari berbagai sumber)
0 komentar:
Posting Komentar