Undha usuking basa yaiku trap-trapaning (stratifikasi)
basa amarga kanggo ngajeni marang wong kang diajak wawan rembung. Ing
sesrawungan masyarakat Jawa saiki basa sing asring digunakake yaiku basa Ngoko lan
Krama. Basa Ngoko kapilah dadi loro, yaiku basa Ngoko Lugu lan basa Ngoko Alus.
Dene basa Krama kapilah dadi loro uga, yaiku basa Krama Lugu lan basa Krama
Alus.
Undha usuk basa Jawa ana:
1. Basa Ngoko adate dianggo wawan rembug utawa omong-omong
dening wong sing wis
padha tepung apik, akrab, ora ana jarak, lan nduweni derajat imbang.
Ngoko Lugu
§ Titikane: tetembungane ngoko kabeh, ora ana sing
dibasakake.
§
Kagunaane: kanggo sapadha-padha, bocah karo
bocah, wong tuwa karo wong tuwa, wong tuwa marang bocah. Biasane digunakake
wong sing wis
padha-padha akrab.
§ Tuladha: “Tini numpak sepur.”
Ngoko alus
· Titikane: tembunge ngoko campur krama inggil
tumrap kang diajak guneman. Biasane digunakake wong sing wis padha-padha akrab la ana usaha saling
ngurmati.
·
Kagunaan: Ibu marang bapak ing dalem, wong tuwa
marang wong enom kang isih ngajeni.
·
Tuladha: “Ibu mau tindak jam enem esuk.”
2. Dene
basa Krama adate dianggo wawan rembug utawa pacelathon dening wong sing durung
tepung akrab lan derajate beda utawa sok ana jarak lan kanggo luwih ngajeni
wong liya.
Krama Lugu
o
Titikane kabeh nggunakake tembung krama.
o Kagunaane: wong tuwa marang wong enom kang isih
diajeni, uga wong enom marang wong tuwa nanging ora pati ngajeni.
o
Tuladha: “Adhi kula nembe tilem jam tiga dalu.”
Krama Alus
·
Titikane: tembung karma inggil, ater-ater, lan
panambange karma.
· Kagunaane: bocah marang wong tuwa, wong enom
marang kang luwih tuwa kang ngajeni banget, andhahan marang dhuwuran.
·
Tuladha: “Panjenengan dipunaturi rawuh wonten
arisan menika.”
Ing ngisor iki arep dakaturake
tuladha-tuladha ukara ing basa Jawa. Tuladha-tuladha mau awujud ukara ing basa
Ngoko Lugu, basa Ngoko Alus, basa Krama Lumrah, lan basa Krama Alus. Kapethik
saka buku "Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa" kaca 22-23 taun 2001, terbitan
Kanisius Yogyakarta, pangriptane Haryana Harjawiyana lan Th. Supriya.
Alenia sing arep kanggo tuladha basa
Ngoko lan Krama mangkene:
"Wonten nem-neman nama Pak Ali, dados guru
SD ing sacelak griyanipun. Pak Ali sampun gadhah pacangan (calon semah). Nalika
samanten pacanganipun sakit, lajeng dipunpriksakaken dhateng dhokter lan
dipunsukani resep. Ing wanci istirahat, Pak Ali nilar sekolahan, kesah dhateng
apotik ingkang papanipun boten tebih saking sekolahan perlu numbasaken obat
resep dhokter pacanganipun".
Tuladha ing basa Ngoko Lugu
Pawicantenanipun Hasan kaliyan Nurdin, kekalihipun
kanca akrabipun Pak Ali ing dhusun.
Hasan
|
Kaya Pak Ali mau lunga menyang apotik,
bokmanawa kowe weruh duwe perlu apa?"
|
Nurdin
|
Pak Ali tuku obat resep dhokter, jarene dhek
wingi calon bojone lara."
|
Katrangan: Kekalihipun ngginakaken
tembung-tembung ngoko, amargi ingkang dipunngendikaken kanca raketipun.
Tuladha ing basa Ngoko-Alus
Pawicantenanipun Bu Srini kaliyan Pak Tana, kalih-kalihipun
kanca guru SD.
Bu Srini
|
Kaya Pak Ali mau tindak
menyang apotik, bokmanawa panjenengan priksa kagungan perlu
apa?"
|
Pak Tana
|
Pak Ali mundhut obat resep
dhokter, ngandikane dhek wingi calon garwane gerah".
|
Katrangan: sawatawis tembung-tembung
ngoko dipungantos tembung krama inggil. Menawi
tembung ngokonipun wonten ater-ater (di-) utawi panambang (e/ne-), boten ewah
dados (dipun) lan (ipun/nipun). Tuladha: bojone ? garwane.
lunga -> tindak
kowe -> panjenengan
tuku -> mundhut
jarene -> ngandikane
weruh -> priksa
duwe -> kagungan
bojone -> garwane
lara -> gerah
kowe -> panjenengan
tuku -> mundhut
jarene -> ngandikane
weruh -> priksa
duwe -> kagungan
bojone -> garwane
lara -> gerah
Tuladha ing basa Krama Lugu
Pawicantenanipun Mbok Radem tangganipun Pak Ali kaliyan
Pak Atma tukang kebon sekolahan.
Mbok Radem
|
Kados Pak Ali wau
kesah dhateng apotik, bokmanawi sampeyan sumerep gadhah
perlu menapa?"
|
Pak Atma
|
Pak Ali tumbas obat resep
dhokter, criyosipun kala wingi calon semahipun sakit."
|
Katrangan: sawatawis tembung-tembung
ngoko dipungantos tembung krama. Menawi tembung
ngokonipun wonten ater-ater (di-) utawi panambang (e/ne-), ewah dados (dipun-)
lan (ipun/nipun-). Tuladha: jarene ? criyosipun.
kaya -> kados
mau -> wau
lunga -> kesah
menyang -> dhateng
bokmanawa -> bokmanawi
kowe -> sampeyan
weruh -> sumerep
duwe -> gadhah
apa -> menapa
tuku -> tumbas
jarene -> criyosipun
dhek -> kala
bojone -> semahipun
lara -> sakit
mau -> wau
lunga -> kesah
menyang -> dhateng
bokmanawa -> bokmanawi
kowe -> sampeyan
weruh -> sumerep
duwe -> gadhah
apa -> menapa
tuku -> tumbas
jarene -> criyosipun
dhek -> kala
bojone -> semahipun
lara -> sakit
Tuladha ing basa Krama-Alus
Pawicantenanipun Bu Tini Kepala Sekolah (taksih radi
enem) kaliyan Pak Marta guru (sampun sepuh).
Bu Tini
|
"Kados Pak Ali wau tindak
dhateng apotik, bokmanawi panjenengan priksa kagungan perlu
menapa?"
|
Pak Marta
|
Pak Ali mundhut obat resep
dhokter, ngandikanipun kala wingi calon garwanipun
gerah."
|
Katrangan: sawatawis tembung-tembung krama
dipungantos tembung krama inggil. Ing tembung krama dados
krama inggil, ater-ater (dipun-) utawi panambang (ipun/nipun-), boten ewah.
Tuladha: criyosipun ? ngandikanipun.
kesah -> tindak
sampeyan -> panjenengan
sumerep -> priksa
gadhah -> kagungan
tumbas -> mundhut
criyosipun -> ngandikanipun
semahipun -> garwanipun
sakit -> gerah
sampeyan -> panjenengan
sumerep -> priksa
gadhah -> kagungan
tumbas -> mundhut
criyosipun -> ngandikanipun
semahipun -> garwanipun
sakit -> gerah
3 komentar:
Mantap...
Matur suwun min
sae pak
Posting Komentar