Kliwonan
Salahsijining
kabudayan ing kutha Batang yaiku Kliwonan. Kliwonan wis dadi
kabudayan masyarakat Batang wiwit jaman mbiyen. Kabudayan kang ora
bisa sirna. Yen ana ing Batang nanging durung tau kliwonan iku
jenenge durung ngrasani kutha Batang. Kliwonan iku salahsijining cara
ngenalake kutha Batang marang dhaerah liya lan dadi mata pencaharian
masyarakat Batang. Kabudayan sing wajib dijaga lan dilestarikake
supaya anak cucune bisa ngrasakake apa kuwi sing jenenge Kliwonan
Kliwonan dianakake saben dina Kamis Wage malem Jumat Kliwon (ana ing kalender Jawa tiba saben 35 dina sepisan–selapan) ing alun-alun Batang. Tradisi Kliwonan dipercaya dadi tradisi tolak bala kanggo masyarakat Kabupaten Batang. Kliwonan wiwit jaman mbiyen ngandhut makna kanggo pedagang amarga para pedagang sing dodolan ing Jum’at Kliwon percaya yen dagangane bisa payu utawi laris.
Ciri khas jajanan kliwonan. Kapisan, makanan tradisional Kabupaten Batang yaiku Manisan sing saka bahan buah kates, diiris dowo, ukurane kurang luwih 5cm. Wernane abang, kuning, saha ijo. Ora mung manisan, isih ana gemblong, tahu aci, lan sakpiturute. Sakliyane iku isih ana sing adol klambi, dolanane bocah cilik, sembako, lan isih akeh maneh .Sakliyane perkara kabutuhan, sing khas saka Kliwonan yaiku nyang-nyangan antara para pedagang lan sing tuku, yen durung ngenyang durung sreg. Kliwonan saya mbengi saya rame, saya akeh sing teka.
Si
dodol ana ing kliwonan iku ora mung saka tlatah Batang, tlatah
Pekalongan, Weleri, Kendal nganti Semarang uga ana. Pedagang iku mau
wis teka ana ing Alun-alin Batang dina Kemis esuk utawa dina Rebu
mbengi. Para mahasiswa lan pelajar sing dadi pedagang dadakan uga
akeh amarga tuntutan ekonomi lan ana sing mung kanggo pengalaman
berwirausaha. Saking akehe pedagang sing nawakake barang dagangane,
ndadekake Kliwonan saya meriah, werna-werni yen disawang.
Segi
positif anane Kliwonan. Segi ekonomi, yaiku masyarakat sing dodolan
ana ing Kliwonan entuk pengasilan saka dagangane. Tukang parkir sing
ngatur kendaraan wong sing teka ing Kliwonan entuk penghasilan.
Sampah saka Kliwonan bisa dimanfaatke kanggo wong kang mbutuhake.
Masyarakat ora bosen yen teka ing Kliwonan. Segi sosial, masyarakat
Kabupaten Batang bebrayanan ing Kliwonan, ora mbedakake status
sosial lan seneng banget kabutuhane bisa dipenuhi amarga ana
Kliwonan. Segi pariwisata, ngenalaken kutha Batang ing Tlatah Jawa.
Segi budaya, masyarakat Batang dadi melu nglestarikake kabudayan
Kliwonan saengga nganti saiki isih ana, sarta kanggo sarana hiburan
gratis.
Sisi
negatif saka Kliwonan. Segi agama, masyarakat ing Kliwonan kurang
ngajeni anggone wektu solat, utamane solat mahgrib. Segi sosial, wong
wadon dadi akeh sing bali mbengi, ndadekake wong tuwane kuwatir.
Sarta kurange rasa tanggung jawab masyarakat bab kebersihan Alun-alun
lan sakitare. Segi ekonomi, yaiku barang-barang dagangan sing bisa
ilang lan anceman copet. Segi wektu, yaiku akehing sapeda motor lan
mobil ndadekake macet ing saubenging alun-alun saengga gawe rugi
wektu kanggo pengendarane. Sarta kanggo ajang kumpul remaja-remaja
sing ora genah karepe, kayata anak punk.
Ora mung Kliwonan wae
sing ana ing Batang. Isih ana Nyadran, Mitoni, kirab Pusaka, lan
liyane. Masyarakat Batang kudu njaga anggone kabudayan sing dadi
ciri-cirine Kabupaten Batang saengga kabudayan-kabudayan lan
pariwisata sing ana ing Batang bisa dimangerteni wong akeh. Akeh
kecamatan sing nduwebi ciri khas dhewe-dhewe ing Kabupaten Batang.
Kabeh mau bisa ndadekake Batang terkenal. Kaya ta sing dadi ikon
Batang yaiku Alas Roban, alas kang amba banget. Muga Kabudayan ing
Batang bisa dilestarikake kanthi anak cucu lan bisa nggawa Kabupaten
Batang ing tingkat Nasional.
Dari
anasilfi.blogspot.com dengan perubahan seperlunya
0 komentar:
Posting Komentar