Tembang
dolanan yaiku jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paugeran gatra, guru lagu, guru wilangan, lan dhong dhing. Tembang
dolanan iku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik utamané ing padésan,
sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané lan bisa dibarengi wiramaning
gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran,
bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané. Kadhangkala tembang dolanan uga
ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang
kulit. Tembang dolanan uga kalebu tradisi lan salahsatunggaling warisan
budaya sing adi luhung pantes diuri-uri lan dilestarekake. Yen diteliti kanti
permati, tembang dolanan akeh tegese lan ngandhut pitutur luhur ing saben
ukarane.
Iki
kaca kanggo ngumpulake syair tembang dolanan utawa tembang sing kerep diunekke
bocah-bocah.
- Cublak-cublak Suweng
- Gajah Gajah
- Gambang Suling
- Gundhul Pacul
- Jamuran
- Jaranan
- Kidang Talun
- Kupu Kuwi
- Lir Ilir
- Menthok Menthok
- Padhang Bulan
- Pitik Tukung
- Suwe Ora Jamu
- Numpak Prau Layar
Cublak-cublak
Suweng iku sawijining tembang dolanan,
sing biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik sinambi dolanan
bebarengan kanca-kancané. Surasa tembang Gajah gajah kaya tinulis ing ngisor
iki:
Cublak-cublak
suweng
Suwenge
ting gelèntèr
Mambu
ketundhung gudèl
Pak
empong lera-léré
Sapa
ngguyu ndelikkaké
Sir
sir pong dhelé gosong
Sir
sir pong dhelé gosong
Gajah-gajah kuwi salah sawijining tembang
dolanan sing kerep ditembangaké déning bocah-bocah cilik sinambi dolanan.
Surasa tembang Gajah gajah kaya tinulis ing ngisor iki:
Gajah, gajah, mréné tak
kandhani jah
mripat
koyo laron, siung loro, kuping
gedhé
kathik
nganggo tlalé
buntut
cilik, tansah kopat kapit
sikil koyo bumbung
mung
mlakumu mégal mègol
Gundhul
Pacul awujudaké tembang bocah-bocah kang populèr ing Jawa Tengah. Tembang iki kalebu tembang lelucon. Surasané
tembang kasebut, koyo kang tinulis ing ngisor iki:
Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
Gambang
Suling
Gambang
suling, ngumandhang swarané
thulat
thulit, kepénak uniné
uuuuniné
mung
nreyuhaké
ba-
reng
lan kentrung ke-
tipung
suling, sigrak kendhangane
Menthog-menthog
Menthok, menthok, tak kandhani
mung
rupamu, angisin-isini
mbok yo
ojo ngetok, ono kandhang waé
enak-enak
ngorok, ora nyambut gawé
menthok,
menthok ... mung lakukumu megal megol gawé guyu
Jaranan
jaranan
jaranan
jarane jaran
teji
sing numpak ndoro
Bei
sing ngiring
para santri
Jrek jrek nong
Jrek jrek gung
Jrek jrek nong
Jrek jrek gung
Jrek jrek nong
Jrek jrek gung
Suwe ora jamu
Suwe ora jamu
Jamu godhong
tela
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan
gawe gela
Numpak Prau Layar
Yo kanca nang
ndi sing gembira
Ing dina minggu
keh pariwisata
Angliyak numpak
prahu layer
Alerap lerap
banyune segara
Alon prahune wis nengah
Pyak pyuk pyak
banyu penelah
Ora jemu jemu
karo mesem ngguyu
Ngilangake lara
lungkrah lesu
Adi njawil Mas
jebul wis sore
Witing kalapa
katon ngawe awe
Prayogane becik
bali wae
Dene sesuk esuk
tumandang
Nyambut gawe
Jamuran
Jamuran ya gégé
thok
Jamur apa ya
gégé thok
Jamur gajih
mbejijih sa ara-ara
Sira mbadhé
jamur apa
Kidang Talun
Kidang...talung
duwe anak.... talung
mil ketemil .... mil ketemil
si kidang mangan lembayung
Pitik Tukung
Aku duwe pitik
pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gok petok petok ngendok
pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondol trondol tanpa wulu
Mondol mondol dol gawe guyu
Lir ilir
Lir ilir lir
ilir tandure wong sumilir
Tak ijo royo
royo
Tak sengguh
penganten anyar
Bocah angon
bocah angon penekno blimbing kuwi
Lunyu lunyu
penekno kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro
dodotiro kumintir bedah ing pinggir
Dondomono
jrumatono kanggo seba mengko sore
Mumpung padang rembulane
Mumpung jembar
kalangane
Yo surak’0 surak
hiyo
(dari berbagai sumber)
(dari berbagai sumber)
0 komentar:
Posting Komentar