Gita,
Ira, lan Wisnu iku kakang adi. Gita, si
ayu sing akeh nyenengi , lan adhine, Ira, sing mung let setaun karo dheweke,
sarta Wisnu anak mbarep sing menengan. Bocah telu mau gedhe ing kulawarga sing
kecukupun. Bapak lan Ibune iku pengusaha batik sing sukses. Saben wulane mesthi
ngulakake dagangane ana ing luar negeri. Saking ewuhe dadi arang ana wektu kanggo kumpul karo anak-anake ning
omah.
Sanajan kakang adi, bocah telu mau ora tau akur. Ana
wae perkarane. Apa maneh Gita karo Ira, saben dina mesthi tukaran. Biasane sing
dadi perkara yaiku ijir-ijiran barang apik. Yen wis ngono, saking sumpeke ana
ing omah, Wisnu luwih seneng dolan. Mbok
Lemu sing dititipi anak marang majikane nganti kuwalahan, ora sanggup
nentremake tukarane bocah loro mau.
Saben
dina mobil IPV ireng dikendarai Pak Tatang kanggo ngeterake bocah telu mau ana
ing SMA Kebangsaan Luhur. Iya. Ira kelas X, Gita kelas XI IPS, lan Wisnu kelas
XII IPA. Yen wis mlebu ana ing sekolah, bocah telu mau etok-etok padha ora
tepung. Jan ana-ana wae prilakune.
Sakwijining
dina bubar sekolah, Ira ora melu mulih bareng kaya biasane. Dheweke ana rapat
OSIS. Dengaren, swara bengak bengoke Ira lan Gita sing
biasane keprungu dadi sepi. Sakwise mangan awan ana ing omah, Gita
langsung mlebu kamar lan turu. Wisnu dolanan PS. Jam nudhuhake angka 5 Sore.
Mbok Lemu ndodog lawang kamare Gita kanggo nggugah.
“Mbak
Gita, Menika Ibu tilpun…”
“Nggih, maturnuwun Mbok.”
Anggone
Ibuke tilpun kanggo ngabarake yen Ibu lan Bapake arep kondur omah luwih gasik
telung dina saka jadwal. Sing maune dijadwalake kondur seminggu maneh dadi
diajukake telung dina maneh. Gita bungahe nemen amarga wis suwi ora tau ketemu
wong tuwane.
Ora
krasa jam nudhuhake angka 7 mbengi.
Wektune padha mangan. Mung Gita sing wis siap ana ing meja makan. Dheweke bingung,
adhi lan kangmase kok ora katon. Pak Tatang ditakoni.
“Pak Tatang, Ira wonten pundi Pak?”
“Mbak
Ira dereng kondur wiwit wau ta mbak….”
“Oh,
menawi ngaten Mbok Lemu kalian Pak Tatang ngancani kula nedha nggih.”
“Ampun
Mbak…” Pak Tatang mangsuli
“Mangke didukani bapak ibu, Mbak.” Mbok Lemu
nambahi.
“Mboten
napa-napa, kula mboten eco menawi nedha piyambak, Pak, Mbok. Mangga..”
Mbengi
selot dhalu, nanging Ira durung mulih. Sinambi nonton tv, Gita ngobrol karo
kangmase.
“Mas,
njenengan mau latihan ngeband nang di ta?”
“Dudu urusanmu!”
“Ehalah... Ditakoni apik-apik kok wangsulane
nyengak ta, Mas..”
“Urusanmu apa? Arep melu? Males aku yen ana
kowe, ngrusuhi tok mengko!”
“Ihhh,
pedhe tenan njenengan! Aku ki mung pengin ngerti tok. Yen latihan ana ing
sekolah, weruh Ira apa ora?”
“Ora, sekolah sepi. Mung ana aku lan cah-cah
band.”
“Lha terus cah kae nang di saiki??”
Wisnu Mung geleng-geleng.
“Awas bae… Nganti jam 9 durung
mulih tak laporke bapak ibu yen dheweke tau mayeng nganti mbengi, ora eling wektu!
Hahahah, bungah aku….” Gita mungkasi ngobrole.
Jam
nudhuhake angka 9 luwih limalas. Gita wis angop-angop ngantuk, nanging Ira durung mulih-mulih. Pak Tatang
laporan marang Gita.
“Mbak, sampun jam 9. Kula badhe nusul Mbak Ira
nggih…”
“Nusul
wonten pundi Pak? Terosipun Wisnu, sekolah sampun sepen saking wau ko… Sekedhap
Pak, badhe kula tilpun rumiyin.”
Asline
Gita males nilpun adhine, Ira. Nanging amarga kepepet, dheweke kepeksa nilpun.
Pranyata HPne Ira ora aktif.
“Pie ta iki? Jan bocah pancen gemblung
tenan!!”
“Kados
pundi, Mbak?” Pak Tatang nakoni.
“Boten usah dipunsusul, Pak. Ngenjang nggih
wangsul piyambak. Sampun,Pak. Sare mawon, pun dhalu.”
Ngesoke,
minggu isuk sing bakal dadi peristiwa kebak makna kanggo Gita lan kangmase. Ira
durung mulih-mulih. HPne uga isih ora aktif. Gita dadi kuwatir marang adhine
amarga dheweke wis nelpun kancane Ira sing uga melu OSIS. Jare kancane, Ira wis
bali wiwit sore wingi.
“Mas,
pie iki? Ira kok durung mulih wae?”
“Halah…. Kudune kowe seneng Ira ora mulih..”
“Ora
ngono Mas…. Jare kancane, Ira kuwi wis mulih saka wingi sore. Nanging kok
durung tekan omah ya?”
“Paling ya nginep ning kanca liyane. Apa maneh
iki dina minggu.”
“Kok
ora ngabari omah? Yen wegah tilpun, sms
kan bisa! Malah HPne dinon-aktifke… Kaya bocah ora nduwe aturan tok!”
“Dinon-aktifke
kan men ora dikon mulih…. Dadi bisa dolan-dolan suwi. Paling ya iki isih dolan
karo kanca-kancane. Kaya kowe ora tau
wae.”
”Huhh….,
kesel ngomong karo kowe, Mas!!”
“Padha!!!!!”
Sorene
Gita entuk sms saka kanca cedhake Ira, nakokake Ira nang ngendi lan kenapa HPne
ora aktif. Gita saya kuwatir. Dadi, Ira ora karo kanca-kancane. Lha terus?????
Let
sedhelok Wisnu menehake hapene marang Gita, nudhuhake sms saka nomer ora
dikenal sing dheweke trima. Tangane
dredeg.
“Kirim uang 60 juta jika
ingin adik Anda selamat!! Ditunggu di
bekas Pabrik Tinta besok jam 8 malam.”
“Piye
ki Git???”
“Astaughfirullah…
Ya Allah, Mas…. Ira, Mas…..”
Gita
lan Wisnu lemes. Adhi sing disengiti diculik wong. Embuh sapa, mesthi wong mau
wis merhatikake kebiasaane keluargane. Sanajan sengit, nanging tetep wae Ira
kulawargane, adhine sing kudu dilindungi.
Pak
Tatang, Bu Lemu, apa maneh Gita lan Wisnu bingung. Meh lapor polisi, nanging
wedi yen adhine diapa-apake. Pengin langsung marani adhine, nanging durung
cukup dhuwite. Wisnu mung nduwe tabungan 20 yuta lan Gita mung 8 yuta. Dhuwite
kurang 22 yuta. Pungkasane, amarga kepepet, Wisnu kapeksa nggadekake gitar
kesayangane supaya adhine selamet. Asline yen wong tuwane ngerti prakara iki,
Wisnu lan Gita ora perlu ngetokake dhuwit tabungane lan nggadekake gitar. Wong
tuwane mesthi sanggup mbayar amarga dhuwite mubrah-mabreh. Nanging, Wisnu lan
Gita wegah ngei ngerti wong tuwane, amarga prakara iki wis dadi tanggung jawabe
njaga adhine.
Dina
transaksi teka. Wisnu teka nang kahanan sing wis disepakati, dikancani Gita.
Alhamdulillah, Ira slamet. Ira bungah banget amarga kangmas lan mbakyune gelem
nulungi dheweke. Padahal ira wis pasrah, dikira ora ana sing nulungi amarga
dheweke ora akur karo kangmas lan mbakyune. Kaping sapisan iki bocah telu mau
sikep-sikepan, kaya wis suwi ora tau ketemu. Ira ngaturake maturnuwun marang
kangmas lan mbakyune.
Mara-mara
polisi teka, tukang culik mau langsung ditangkap. Wisnu lan Gita kaget rumangsa
ora ngabari polisi. Pranyata sing ngabari polisi yaiku sopire. Pak Tatang wedi
yen majikan cilike kenapa-napa. Dadi, kanggo kaselametane bocah telu mau, Pak
Tatang ngabari polisi.
Tekan
omah, bocah telu mau, Pak Tatang lan Mbok Lemu gawe perjanjian. Aja nganti prakara
penculikan sing dialami mau keprungu wong tuwane. Kabeh padha kumpul ing ruwang
tv.
“Ira,
Gita… Kadadeyan mau dilalikake wae ya. Ora usah diungkit-ungkit maneh. Aja
nganti Bapak lan Ibu ngerti. Mengko mundhak kuwatir.”
“Iya,
Mas…….” Gita lan Ira bareng-bareng mangsuli.
“Pak
Tatang kalian Mbok Lemu ugi boten usah criyos kadadeyan wau kalian Bapak Ibu
nggih… Anggep kados boten wonten napa-napa nggih Pak, Mbok. Kula, Gita, kalian
Ira nyuwun pangapunten sampun ndamel kuwatir. Maturnuwun Bapak kaliyan Mbok
sampun pitulungan anggenipun ngabari polisi.”
“Sendika
dhawuh, Mas. Kula kalian Mbok Lemu sampun sakmesthinipun pitulungan marang Mas
Wisnu, Mbak Gita kalian Mbak Ira, sampun kuwajiban.”
“Menika
sampun dhalu, Mas, Mbak. Mangga sare sedaya. Ngenjang Bapak Ibu badhe kondur.
Saking wau mesthinipun kesel sedaya. Supados ngenjang saged waras. Mangga….”.
Mbok Lemu nambahi.
“Bapak
kalian Mbok ugi sare nggih.” Gita
mangsuli.
Ngesoke
mulih saka sekolah, bocah telu mau lan Pak
Tatang langsung nuju menyang bandara kanggo njemput wong tuwane. Tekan
bandara, ana pengumuman yen pesawat tujuan Solo sing ditumpaki wong tuwane
ditunda rong jam, amarga perjalanane dialangi udan awu saka gunung merapi.
Saengga kudu mandeg dhisik ana bandara ing Jakarta.
Bapak
lan ibune bocah telu mau nelpun bocah telu mau lewat HPne Wisnu. Loro-lorone
diloudspeaker.
“Le,
Ira boten napa-napa ta Le…” Bapak nakeni.
“Hah?”
Wisnu Kaget lan bingung.
“
Bapak pikantuk kabar saking Polres, kadose Ira kalawingi dipunculik ta?? Pundi
bocahe…”
“Boten
napa-napa kok, Pak…” Ira mangsuli.
“Ya
Allah ra, boten lecet kan? Ibu Bapak kuwatir keprungu kabaripun. Wisnu, Gita
ugi mboten napa-napa kan…???”
“Mboten
napa-napa, Bu….” Wisnu lan Gita mangsuli.
Pak,
Bu,.. Wisnu nyuwun pangapunten nggih… boten saged njagi adhik-adhik kanthi
sae.”
“Gita
ugi nyuwun pangapunten Pak, Buk…”
“Ira
nggih nyuwun pangapunten Pak, Buk…”
“Nggih,
pun…pun…. Bapak ugi Ibu nyuwun pangapunten sami amargi boten saged asring
ngancani wonten dalem. Bapak Ibu mung saged ngendika, ingkang rukun dados
seduluran…amargi sinten malih ingkang badhe pitulungan menawi boten seduluripun
piyambak?”
“Sinau
ingkang sregep ya cah, boten kesupen ibadahipun ugi.” Ibu nambahi.
“Sendika
dhawuh Pak, Bu….” Cah telu mangsuli.
Bocah
telu mau bingung kenapa kok Bapak Ibune ngendikane kaya meh lunga adoh. Padahal
kan meh bali, dudu lunga maneh.
“Pundi
Pak Tatang? Bapak kalian Ibu badhe ngendikan…” Bapak taken.
HPne
ora diloudspeaker maneh. Rada suwi
anggone Bapak Ibu wicantenan marang Pak Tatang lan Mbok Lemu. Embuh ora ngerti
apa sing diomongake.
Sakwise
iku, Pak Tatang ngeterake bocah telu mau karo Mbok Lemu bali ana omah, amarga
anggone Bapak Ibune bali isih suwi. Karo nungguni, bocah telu mau padha nonton
tv ing ruang tengah. Ora sengaja ana berita yen pesawat saka Jakarta tujuan
Solo ngalami kacilakan. Bocah telu mau padha ndredeg, wedi yen pesawat iku sing
ditumpaki wong tuwane. Ora suwi Mbok Lemu nampa tilpun saka perusahaan
penerbangan pesawat sing ditumpaki majikane. Pranyata bener, pesawate majikane
kacilakan. Lan sing nggawe sedih maneh, ora ana penumpang sing selamet. Ora
kejaba majikane dhewe.
Innalilahiwainnailaihiraajiun……
Wong
seomah padha tangis-tangisan. Bocah telu mau saiki sadar. Pranyata ngendikane
wong tuwane mau nandakake yen arep ninggalake anak-anake. Ngendikane sing
pungkasan. Wektu tilpun-tilpunan ana ing bandara, Pak Tatang lan Mbok Lemu
diamanati karo majikane supaya njaga anak-anake nganthi saklawase. Uga Pak
Tatang diwenehi ngerti yen kabeh warisan wis diurus karo kancane majikane,
kanggo uripe anak-anake saklawase. Yaiku marang
polisi sing uga menehi ngerti prakara Ira diculik.
Wisnu,
Gita, lan Ira wis ora nduwe wong tuwa. Kadadeyan wiwit Ira diculik lan
kematiane wong tuwane dadi tamparan sing lara kanggo bocah telu mau. Ngendika
terakhire wong tuwane kalaksanan, bocah telu mau wegah nguciwakake almarhum lan
almarhumah wong tuwane. Saiki ora ana tukaran, ijir-ijiran, lan neng-nengan.
Bocah telu mau saya suwi saya raket. Pak Tatang lan Mbok Lemu bungah ndelengake
kahanan kui mau. Kabeh padha rukun lan tentren anggone urip kanthi saklawase.
Perkara
apa wae sing kedadeyan mesthi ana hikmahe. Kaya prakara sing dialami
kulawargane Wisnu, Gita, lan Ira. Uripe wong wis diatur marang sing gawe urip.
Lan kadadeyan kui kabeh ndadekake bocah telu mau luwih nduweni rasa tanggung
jawab, ora manja, ngerti aturan urip, lan ngerti arti pentinge seduluran.
Cuthel.
0 komentar:
Posting Komentar