Sawijining dina ana wong lanang umur 19 taunan, lagi lungguhan ana ing ngarep kos-kosane sinambi nyawang foto wong tuwa sing ana ing laptope. Dheweke katon lemes, embuh apa sing dadi pikirane. Kacamata mines sing dianggone digletakake ana ing meja. Kopi sing ana ing sandingane disruput. Wong lanang mau kuwi jenenge Ale, mahasiswa Tekhnik semester 5 ing salahsawijining Universitas ing Yogyakarta. Awake lemu, dhuwur, lan alim. Pranyata dheweke kangen banget marang simbah kakunge, sing wis momong dheweke wiwit ibune seda nganti gedhe. Ora maido, simbahe kui wis kaya wong tuwane dhewe. Ale ditinggal seda ibune saka umur rong taun lan bapake nikah maneh. Saengga simbahe pengen yen sing ngrumat Ale ya simbahe. Dheweke kepikiran, simbahe gerah ana ing kampunge. Nanging piye maneh, Ale ora bisa mulih ana ing wektu cedhak iki. Dheweke isih ana ujian akhir. Apa maneh jarak Yogya-Batang ora kaya jarake Yogya-Magelang. Ale mung bisa ndongakake simbahe supaya enggal senggang. Dheweke bisa mulih akhir ujian mengko, wayahe preinan dawa.
Ngesoke, katon
wong wadon ayu, jaketan kandhel, lungguhan ana ing ngarep kose Ale. Isuk iku
pancen kerasa atis. Ora let suwi Ale metu. Pranyata wong wadon ayu mau jenenge
Peni, pacare Ale wiwit semester 3. Peni uga kuliyah ing Yogyakarta, semester 5,
njukuk seni tari. Dheweke asli Magelang. Yen saben dina setu, Peni mesti njaluk
dieterake bali menyang Magelang. Amarga wis tresna, Ale gelem ngeterake. Bejane
saben dina setu Ale kuliyah sore. Peni diboncengake numpak motor tekan omahe.
Bapak lan ibune Peni wis akrab karo Ale. Ale pamitan arep mulih Yogya maneh.
Wis ana setaun
anggone Ale pacaran karo Peni. Nanging, simbahe durung diwenehi ngerti. Ale
ngerti yen dheweke crita bab Peni, mesthi simbahe ora bakal setuju. Amarga
kaluwargane Peni iku ora ngerti agama. Sanajan simbahe Ale Kyai, sak ora-orane
Ale kudu oleh wong wadon sing ngerti agama. Saben wektu Ale mesti ngandani Peni
supaya aja lali sholat lan ngaji. Nanging, ora ngerti yen Peni nglakoni apa
ora.
Sawiijining
wengi wayah turu, Ale diimpeni simbahe. Simbahe pesen supaya sekolah sing bener
lan aja mikirake pacaran ndisik. Mak glubrak, Ale tiba saka kasure. Dheweke
kaget, kenapa dheweke ngimpi kaya ngono. Nanging, dheweke ora pati mikirake
mimpi mau.
Selot suwi Ale
ngrasakake Peni beda, saiki cemburuan lan senengane ngatur-ngatur dheweke. aja
iki lah, aja iku lah. Embuh kenapa, Ale tetep wae nganut. Nanging, dheweke
wegah yen diganggu wektu wayah sinau. Ale kepengen sukses. Ale kepengen gawe
simbahe seneng.
Telung dina
maneh ujian semester rampung. Dheweke nyiapake apa wae sing arep digawa mulih
menyang kampunge. Dheweke wis kangen banget marang simbahe.
Sorene bubar
ujian, Ale entuk kabar yen pacare kacilakan ditabrak motor wektu bali kuliyah,
arep nyabrang dalan. Ale langsung marani pacare ana ing rumah sakit. Bejane ora
parah, mung lecet-lecet. Nanging, amarga kepengen dienteni pacare, Peni sengaja
kelaranen, saengga doktere ngongkon Peni ana ing rumah sakit ndisik, ora oleh
mulih. Saben mulih ujian, Ale mesti nglongok lan ngrawat Peni.
Sedina sakwise
ujian rampung Ale ditilpun wong omah, dikabari yen gerahe simbahe saya ndadi.
Apa maneh jare bulike, simbahe ngundang jenenge Ale terus. Simbah mesti kangen
banget karo Ale. Ale mutusake arep mulih sorene. Ngerti Ale arep mulih, Peni
langsung nesu. Dheweke ora ngolehake Ale mulih. Nanging, Ale wis ngomong yen
simbahe gerahe saya ndadi. Peni tetep ora gelem ditinggal. Ale bingung, peni
wegah ditinggal ana ing rumah sakit tanpa dheweke. Ale tetep kudu mulih, milih
simbahe. Ngerti kaya ngono Peni langsung mrengangah nesu.
“Oh dadi sing
dipilih Mas Ale, simbah??? Simbah kan wis tuwa….. ngapa diparani? Bar iki ya
bakale ora ana… sing kudu ditungguni ya aku iki, Mas…!”
Ale mung bisa nggrundel
ing njero ati. Dheweke ngelus dada.
“Ya Allah,
kaget banget anggonku keprungu omongane Peni mau. Lara atiku. Lara banget. Tak
kira Peni uga sayang marang simbah, ora mung karo aku sayange… Dadi, aku salah
milih Peni dadi pacarku! Padahal aku ngluru pacar uga kanggo uripku kanthi
bebojoan mengko. Ya Allah…..”
Terus dheweke pamit marang
pacare.
“Pen, aku wis
ngerti watekmu sing asli saiki. Aku ya ngerti yen kowe iki ora tau gelem yen
tak kandhani kanggo solat lan ngaji. Aku wis cukup sabar. Apa wae kepinginanmu
aku turuti. Saiki kowe malah nggawe aku lara ati.. Aku ya mbiyen wis crita kan
yen simbahku uga wis kaya wong tuwaku dhewe, kaya wong tuwa kandungku! Kenapa
kowe kok tega ngomong kaya ngono????”
“Mas, nanging
bener kan omonganku?? Simbah kui pancen wis tuwa…. Ya ora suwi bakale ora ana…”
“Wis,
cukup Pen, cukup! Saiki dhewe mlaku
dhewe-dhewe. Kowe ora usah ngatur uripku maneh. Aku ya ora susah-susah ngongkon
kowe ibadah maneh. Aku tak mulih saiki.”
“ Mas, Mas……..
aja Mas….”
Peni mung bisa nangis
weruh Ale ninggalake dheweke ana ing rumah sakit dhewekan. ora ana maneh Ale
sing sayang karo dheweke.
Ale langsung
bali nang kos. Sakwise sholat maghrib, dheweke langsung mangkat mulih menyang
kampunge numpak motor. Suwene perjalanan nem jam. Akhire dheweke tekan omah jam
siji isuk. Omahe katon sepi, ora ana sapa-sapa. Jare tanggane, simbahe dirawat
ana ing rumah sakit. Ngerti kaya ngono, Ale langsung nuju rumah sakite. Ing
kana wis katon bapake, bulike, lan sadulur-sadulure sing pada nglongok. Ale
lemes weruh simbahe dioksigen. Bulike ngundang Ale.
“Le, iki lho
simbah arep ngendikan....”
“Kados pundi,
Mbah?”
Ale nyedhaki simbahe.
Selang oksigen sing nempel ing tutuke simbahe diuculi suster.
“Le, sing sregep
ya anggonmu sinau, aja lali ibadahmu. Rukun yen karo sedulur-sedulur. Mengkone
yen milih wong wadon aja mung ayu. Nanging, didhelok bibit bobote ya, Le… Aja
sembarangan.”
“Nggih,
Mbah….”
Banjur iku,
wong-wong sing padha nang njero kamar mau padha pamit bali. Sing ana mung
simbah lan Ale. Ale terus nyekeli tangane simbahe. Amarga awake kesel saka
perjalanan, Ale keturon anggone nunggoni simbahe.
Suwara adzan
shubuh nangikake anggone Ale turu. Sakwise shalat, Ale nangikake simbahe kanggo
dhahar. Ale kepingin ndulang simbahe. Nanging, simbahe ora konjat, anteng wae
ora obah. Pranyata simbahe wis tilar donya. Kabeh kulawarga padha sedih, apa
maneh Ale. Ale janji arep nggawe bangga simbahe. Ora maneh-maneh Ale milih wong
wadon mung ayu parase. Nanging, budi pekerti lan ibadahe uga kudu sing becik.
Uga Ale arep dadi wong sing dikarepake simbahe.
Cuthel.
0 komentar:
Posting Komentar