Jenengku Dewi lan adhiku Sinta. Wis ana nem taun bapak lan ibuku
pisah. Prakarane ora liya amarga bapakku selingkuh karo wong wadon liya lan
saiki malah dadi bojone. Sakwise duwe bojo anyar, bapakku ora tanggung jawab
nyandang pangani aku lan adhiku.
Kadadeyan kuwi sing gawe ibuku stress. Nanging aku ora tau nyalahke.
Ibuku iku pahlawane aku lan adhiku. Yen ora ngono, aku lan adhiku ora bisa
sekolah dhuwur kaya iki. Ibuku bakal nglakoni apa wae sing bisa ngasilake
dhuwit akeh, kerja ing hiburan malam. Maune, aku ora setuju. Nanging, ibuku
kudu nglakoni amarga kanggo kasuksesane anak-anake. Saka kadadeyan kuwi aku
karo Sinta nganggep yen bapakku wis ora ana.
Ya, saiki aku wis dadi sarjana. Wis duwe pagawean ana ing
salahsijining perusahaan ing Jakarta, rada cedhak karo umahku. Jabatane mending gedhe. Malah saiki aku bisa
ngganteni ibuku kanggo mbayari kuliyah adhiku lan mbiayai urip kulawargaku.
Dadi ibuku ora perlu nyambut gawe susah-susah maneh.
Isuk-isuk, wis keprungu suwara klakson mobile Mas Johan ing ngarep
omah. Mas Johan iku pacarku uga bosku. Saben isuk dheweke mesthi marani aku lan mangkat bareng ana kantor.
Maune dheweke iku kakak angkatanku ing kuliyah. pinter, sregep, sopan, lan
tanggung jawab. Sedhela maneh aku arep dilamar. Aku bungah banget, amarga Mas
Johan sayang banget karo aku, ibu, lan Sinta.
Sinta saiki kuliyah ana ing Universitas Indonesia, semester 4. Dheweke
uga dadi mahasiswa teladan. Amarga ayu, pinter, lan lincah, dheweke akeh sing
nyenengi. Ora kecuali Ardi, kakak angkatane. Saben dina Ardi ora kapok-kapoke
nyedhaki Sinta. Witting tresna jalaran saka kulina. Akhire Sinta kapincut Ardi.
Saben bubar kuliah wong loro mau mesti bareng-bareng. Yen mbengine Ardi kerja
dadi SPG ana ing toko gedhe.
Tarkadhang yen ana dina prei, aku, Mas Johan, ibu, Sinta lan Ardi
lunga menyang tempat wisata kanggo ngilangake kesel. Ibu wis percaya anggonku
karo Mas Johan. Ibu uga wis percaya karo Ardi. Nanging, tarkadhang prilakune
ibu aneh. Jare ibu, ibu kaya wis familiar karo Ardi. Embuh kenapa. Sinta uga
kadhang curhat karo aku yen dheweke asring jengkelan karo Ardi gara-gara Ardi
mesti nolak yen Sinta kepengen teka ing omahe Ardi.
Dina nikahanku teka. Mas Johan iku pengusaha sukses, akeh dhuwite.
Dadi aku ora kaget yen bakal semeriah iki. Saiki uripku wis misah karo bojoku,
Mas Johan. Mas Johan apikan banget. Nukokake ibu omah. Dadi omah sing mbiyen
diedol lan dhuwite ditabung. Uripku lan kaluwargaku saya makmur wae.
Sawijining dina bubar kuliyah, Sinta nungguni Ardi ing gazebo kampuse.
Nanging sing ditunggu ora teka-teka. Hapene disms lan ditelpun ora aktif. Sinta
bingung. Nanging Sinta mikir sing apik-apik. Mbok menawa Ardi isih sibuk, dadi ora bisa dihubungi.
Wis telung dina Ardi ora katon ing kampus. Ngerti kahanan mau Sinta
kuwatir yen Ardi kenapa-napa. Sinta marani Ardi ing toko dheweke kerja, nanging
jare atasane Ardi wis ora mangkat seminggu. Banjur diparani ning kose. Jare kanca se kose, Ardi
mulih ana ing omahe. Sinta bingung amarga dheweke ora ngerti omahe. Apa maneh
kanca-kancane uga ora ngerti omahe Ardi.
Ngesoke bubar kuliyah, Sinta lunga menyang TU jurusane Ardi. Nang kono
Sinta ngluru informasi alamat omahe Ardi marang petugase. Banjur wis oleh,
Sinta langsung nghubungi aku jauk pitulungan supaya dieterake menyang omahe
Ardi.
Sorene bali saka kerja, aku, Mas Johan lan Sinta langsung nuju alamat
sing Sinta oleh saka petugas TU. Sakjane Ibu arep melu, nanging amarga isih ana
sedulur sing teka, dadi Ibu ngancani sedulur. Jarak omahe Ardi saka kampus
sekitar rong jam. Sakwise takon-takon wong, akhire omahe Ardi ketemu. Maune aku
lan Sinta ora yakin yen iki omahe Ardi. Ardi sing katon gagah lan rapi mosok
omahe ora kerumat kaya iki, ibarat wis kaya omah suwung, akeh sawang ing kana
kene. Nanging Sinta yakin ora salah, amarga alamat sing dituju wis bener. Kabeh
padha mudun saka mobil. Sakwise tekan ngarep omah, lawange didodog. Dodogan
kapisan ora ana sautan, dodogan kapindho, katelu, nganti dodogan kalima ora ana
tanda-tanda wong njedul saka njero omah. Sinta wis ora sabar. Tanpa jaluk ijin
aku, dheweke langsung mlebu ana ing omahe Ardi. Ngerti kaya ngono aku lan Mas
Johan bingung, nanging tetep ngetutake mlakune Sinta mlebu. Omahe sepi, ora ana
sapa-sapa. Sinta mbengok-mbengok ngundang jenenge pacare. Nanging tetep wae ora
ana sautan.
“Wis, Sin…. Mbok menawa dhewe salah omah…. Ayo metu wae….”
Keprungu omonganku, kabeh padha mlaku metu. Durung tekan lawang
ngarep, langsung njedul Ardi. Dheweke ora dhewekan. Tangane nyurung kursi roda
sing ditumpaki wong wadon tuwa. Kabeh padha kaget.
“Mas Ardi…….????”
“Sinta……, Mbak Dewi, Mas Johan….”
Akhire Ardi cerita kenapa dheweke ora tau mlebu kuliyah, ora mangkat
kerja lan hapene ora aktif. Akhir-akhir iki dheweke ngurusi ibune sing isih
gerah. Ibune kena stroke. Dadi dheweke uga ora sempet ngapa-ngapa kejaba
ngurusi wong tuwa siji-sijine. Aku, Sinta lan Mas Johan dadi melaske weruh
kahanane Ardi. sakwise Ibune digawa ana ing kamar lan sare, kabeh padha ing
ruwang kulawarga.
“Dadi merga iki aku ora oleh dolan ana omahmu?”
“Aku jaluk ngapura, Sin… Iya, aku wegah yen kowe ngerti kulawargaku
berantakan. Aku wegah kelangan kowe, Sin.”
“Mas Ardi…..”
Weruh kahanane Ibune Ardi kaya ngono, Sinta ora tegel. Ardi
nyeritakake kenapa ibune bisa kena stroke. Ibune lan Ardi ditinggal bapake
lunga tanpa sebab wiwit Ardi SMA. Padahal ibu lan bapake Ardi ora ana masalah
apa-apa. Ardi wis ngluru anggone bapake lunga. Tapi ora tau kasil.
Wektu Ardi isih crita karo Sinta, aku lan Mas Johan ndelok-ndelok
omahe Ardi. Akeh barang-barang antik sing padha kaya ning omahku. Pranyata
barang-barang iku koleksine bapake Ardi. sisih kiwane ana foto-foto keluarga.
Ana fotone Ardi karo kangmas-kangmase Ardi sing wis tilar donya amarga lara.
Ana foto-foto liyane. Aku kaget banget. Aku nudhuhake foto sing gawe aku kaget
karo Ardi. Wektu iku Sinta isih ana ing kamar mandi.
“Di, sapa wong lanang sing ana
foto iki??”
“Bapakku, Mbak.”
“Sapa jenenge??”
“Budi Priyodigdo…”
Brukk…..
Aku ambruk, kaget. Mas Johan langsung nangikake aku. Sinta weruh anggonku tiba.
“Mbak Dewi kenapa?? Mas Johan, Mas Ardi, Mbak Dewi kenapa???”
“Ora ngerti Sin, Mbak Dewi kaget gara-gara weruh foto iki.”
“Foto?? Foto apa???”
“Iki”
Banjur
weruh foto sing didelokake Ardi, Sinta kaget.
“Bapak….”
“Iya, iki bapakku Sin…”
“Hah??? Bapakmu, Mas??”
“Kowe karo mbakyumu kenapa ta Sin, weruh fotone bapakku kaya weruh apa
tok, kenapa to jane?”
“Budi Priyodigdo, Mas?”
“Iya.”
Sinta
melu ambruk. Aku ngerti, Sinta ya kaget weruh foto mau. Dheweke nangis nyesek.
“Mas, Bapake dhewe padha, Mas….”
Saiki genten Ardi sing kaget. Pranyata mbiyen bapak nikah ndisik karo
ibune Ardi. barang let rong taun bapak nikah karo ibuku tanpa sepengetahuan
ibune Ardi. Berarti bapak duwe bojo loro
tanpa sepengetahuan bojo-bojone.
“Saiki Bapak nang di Sin?”
“Ora ngerti, ora ngerti, Mas. Kae wis dudu bapakku.”
“Bapak wis nikah maneh, Di.” Aku nambahi.
Ngesoke Sinta mangkat kuliyah kaya biasane. Saiki Ardi dudu pacare,
nanging dadi kangmase, uga dadi adhiku. Ardi ora kenyana-nyana yen bapake bisa
sekejem kuwi.
Ing sisih liya bapak uripe selot suwi selot payah. Bojo anyare
lara-laranan. Dhuwite bapak entek kanggo mbiayai bojo anyare pengobatan. Malah
jare-jare saiki bapak ditinggal mati bojone. Saiki bapak wis ora nduwe kulawarga.
Setaun sakwise, aku lan kaluwargaku, ora kecuali Ardi, ana ing rumah
sakit ngancani aku bar-baran. Nanging, ibune Ardi ana nang umah amarga isih
gerah. Anakku lanang. Bagus kaya bojoku. Kulawargaku bungah nduwe anggota
kulawarga anyar. Wektu arep metu rumah sakit, Ardi ngomong karo aku lan liyane
yen dheweke keprungu suwara rintihane larane bapak, sing asale saka kamar
pasien sebelah.
“Mbak, kae kaya suwarane Bapak…”
“Hush… ngawur! Wis ta ora usah digubris…”
Banjur
iku ana suster sing mbengok-mbengok isih nelpun suster liya.
“Sus, pasien ingkang naminipun Pak Budi Priyodigdo betah dokter
Haryono sakniki!!, DARURAT!”
Sakwise keprungu jeneng sing disebutake suster mau, kabeh padha kaget.
Ardi langsung metu kamar lan nuju kamar sebelah. Kabeh padha melu, ora kecuali
aku lan anakku. Pranyata bener. Kuwi bapak. Bapakku sing aku sengiti kebujur
tanpa daya ana ing kasur, jantunge kritis. Bapak kaget yen nang ngarepe wis ana
kulawargane sing wis ditinggalake.
“Kulawargaku…
Anak-anakku…”
Suwarane Bapak lemes. Weruh kahanan kuwi, embuh kenapa kabeh padha
sedih lan lali yen asline padha sengit.
“Bapak njaluk ngapuro ya.. Tulung, kabeh kaluputane bapak dingapuro ya
cah….Salamke kanggo ibu ya, Di.. Bapak dingapuro..”
Terus
bapak ngundang ibuku.
“Asih…. Aku njaluk ngapurane ya…”
“Iya, Mas. Padha-padha…”
Banjur kaya ngono, bapak langsung merem. Kabeh padha tangisan. Bapak
tilar donya sakdurunge dokter teka. Aku lan kabeh wis padha menehi ngapura
bapak. Bapak… muga-muga njenengan ditrima ing sisihipun Gusti Allah… Amin.
Sakwise kadadeyan mau, kabeh padha mulih lan urip seneng lan tentrem.
Kabeh prakara wis rampung.
Cuthel.
0 komentar:
Posting Komentar