SUGENG RAWUH....

Kapunggeling Katresnan

Kamis, 06 Juni 2013

| | | 0 komentar

Jenengku Dewi lan adhiku Sinta. Wis ana nem taun bapak lan ibuku pisah. Prakarane ora liya amarga bapakku selingkuh karo wong wadon liya lan saiki malah dadi bojone. Sakwise duwe bojo anyar, bapakku ora tanggung jawab nyandang pangani aku lan adhiku.  Kadadeyan kuwi sing gawe ibuku stress. Nanging aku ora tau nyalahke. Ibuku iku pahlawane aku lan adhiku. Yen ora ngono, aku lan adhiku ora bisa sekolah dhuwur kaya iki. Ibuku bakal nglakoni apa wae sing bisa ngasilake dhuwit akeh, kerja ing hiburan malam. Maune, aku ora setuju. Nanging, ibuku kudu nglakoni amarga kanggo kasuksesane anak-anake. Saka kadadeyan kuwi aku karo Sinta nganggep yen bapakku wis ora ana.
Ya, saiki aku wis dadi sarjana. Wis duwe pagawean ana ing salahsijining perusahaan ing Jakarta, rada cedhak karo umahku.  Jabatane mending gedhe. Malah saiki aku bisa ngganteni ibuku kanggo mbayari kuliyah adhiku lan mbiayai urip kulawargaku. Dadi ibuku ora perlu nyambut gawe susah-susah maneh.
Isuk-isuk, wis keprungu suwara klakson mobile Mas Johan ing ngarep omah. Mas Johan iku pacarku uga bosku. Saben isuk dheweke mesthi  marani aku lan mangkat bareng ana kantor. Maune dheweke iku kakak angkatanku ing kuliyah. pinter, sregep, sopan, lan tanggung jawab. Sedhela maneh aku arep dilamar. Aku bungah banget, amarga Mas Johan sayang banget karo aku, ibu, lan Sinta.
Sinta saiki kuliyah ana ing Universitas Indonesia, semester 4. Dheweke uga dadi mahasiswa teladan. Amarga ayu, pinter, lan lincah, dheweke akeh sing nyenengi. Ora kecuali Ardi, kakak angkatane. Saben dina Ardi ora kapok-kapoke nyedhaki Sinta. Witting tresna jalaran saka kulina. Akhire Sinta kapincut Ardi. Saben bubar kuliah wong loro mau mesti bareng-bareng. Yen mbengine Ardi kerja dadi SPG ana ing toko gedhe.
Tarkadhang yen ana dina prei, aku, Mas Johan, ibu, Sinta lan Ardi lunga menyang tempat wisata kanggo ngilangake kesel. Ibu wis percaya anggonku karo Mas Johan. Ibu uga wis percaya karo Ardi. Nanging, tarkadhang prilakune ibu aneh. Jare ibu, ibu kaya wis familiar karo Ardi. Embuh kenapa. Sinta uga kadhang curhat karo aku yen dheweke asring jengkelan karo Ardi gara-gara Ardi mesti nolak yen Sinta kepengen teka ing omahe Ardi.
Dina nikahanku teka. Mas Johan iku pengusaha sukses, akeh dhuwite. Dadi aku ora kaget yen bakal semeriah iki. Saiki uripku wis misah karo bojoku, Mas Johan. Mas Johan apikan banget. Nukokake ibu omah. Dadi omah sing mbiyen diedol lan dhuwite ditabung. Uripku lan kaluwargaku saya makmur wae.
Sawijining dina bubar kuliyah, Sinta nungguni Ardi ing gazebo kampuse. Nanging sing ditunggu ora teka-teka. Hapene disms lan ditelpun ora aktif. Sinta bingung. Nanging Sinta mikir sing apik-apik. Mbok menawa  Ardi isih sibuk, dadi ora bisa dihubungi.
Wis telung dina Ardi ora katon ing kampus. Ngerti kahanan mau Sinta kuwatir yen Ardi kenapa-napa. Sinta marani Ardi ing toko dheweke kerja, nanging jare atasane Ardi wis ora mangkat seminggu. Banjur  diparani ning kose. Jare kanca se kose, Ardi mulih ana ing omahe. Sinta bingung amarga dheweke ora ngerti omahe. Apa maneh kanca-kancane uga ora ngerti omahe Ardi.
Ngesoke bubar kuliyah, Sinta lunga menyang TU jurusane Ardi. Nang kono Sinta ngluru informasi alamat omahe Ardi marang petugase. Banjur wis oleh, Sinta langsung nghubungi aku jauk pitulungan supaya dieterake menyang omahe Ardi.
Sorene bali saka kerja, aku, Mas Johan lan Sinta langsung nuju alamat sing Sinta oleh saka petugas TU. Sakjane Ibu arep melu, nanging amarga isih ana sedulur sing teka, dadi Ibu ngancani sedulur. Jarak omahe Ardi saka kampus sekitar rong jam. Sakwise takon-takon wong, akhire omahe Ardi ketemu. Maune aku lan Sinta ora yakin yen iki omahe Ardi. Ardi sing katon gagah lan rapi mosok omahe ora kerumat kaya iki, ibarat wis kaya omah suwung, akeh sawang ing kana kene. Nanging Sinta yakin ora salah, amarga alamat sing dituju wis bener. Kabeh padha mudun saka mobil. Sakwise tekan ngarep omah, lawange didodog. Dodogan kapisan ora ana sautan, dodogan kapindho, katelu, nganti dodogan kalima ora ana tanda-tanda wong njedul saka njero omah. Sinta wis ora sabar. Tanpa jaluk ijin aku, dheweke langsung mlebu ana ing omahe Ardi. Ngerti kaya ngono aku lan Mas Johan bingung, nanging tetep ngetutake mlakune Sinta mlebu. Omahe sepi, ora ana sapa-sapa. Sinta mbengok-mbengok ngundang jenenge pacare. Nanging tetep wae ora ana sautan.
“Wis, Sin…. Mbok menawa dhewe salah omah…. Ayo metu wae….”
Keprungu omonganku, kabeh padha mlaku metu. Durung tekan lawang ngarep, langsung njedul Ardi. Dheweke ora dhewekan. Tangane nyurung kursi roda sing ditumpaki wong wadon tuwa. Kabeh padha kaget.
“Mas Ardi…….????”
“Sinta……, Mbak Dewi, Mas Johan….”
Akhire Ardi cerita kenapa dheweke ora tau mlebu kuliyah, ora mangkat kerja lan hapene ora aktif. Akhir-akhir iki dheweke ngurusi ibune sing isih gerah. Ibune kena stroke. Dadi dheweke uga ora sempet ngapa-ngapa kejaba ngurusi wong tuwa siji-sijine. Aku, Sinta lan Mas Johan dadi melaske weruh kahanane Ardi. sakwise Ibune digawa ana ing kamar lan sare, kabeh padha ing ruwang kulawarga.
“Dadi merga iki aku ora oleh dolan ana omahmu?”
“Aku jaluk ngapura, Sin… Iya, aku wegah yen kowe ngerti kulawargaku berantakan. Aku wegah kelangan kowe, Sin.”
“Mas Ardi…..”
Weruh kahanane Ibune Ardi kaya ngono, Sinta ora tegel. Ardi nyeritakake kenapa ibune bisa kena stroke. Ibune lan Ardi ditinggal bapake lunga tanpa sebab wiwit Ardi SMA. Padahal ibu lan bapake Ardi ora ana masalah apa-apa. Ardi wis ngluru anggone bapake lunga. Tapi ora tau kasil.
Wektu Ardi isih crita karo Sinta, aku lan Mas Johan ndelok-ndelok omahe Ardi. Akeh barang-barang antik sing padha kaya ning omahku. Pranyata barang-barang iku koleksine bapake Ardi. sisih kiwane ana foto-foto keluarga. Ana fotone Ardi karo kangmas-kangmase Ardi sing wis tilar donya amarga lara. Ana foto-foto liyane. Aku kaget banget. Aku nudhuhake foto sing gawe aku kaget karo Ardi. Wektu iku Sinta isih ana ing kamar mandi.
“Di,  sapa wong lanang sing ana foto iki??”
“Bapakku, Mbak.”
“Sapa jenenge??”
“Budi Priyodigdo…”
Brukk….. Aku ambruk, kaget. Mas Johan langsung nangikake aku. Sinta weruh anggonku tiba.
“Mbak Dewi kenapa?? Mas Johan, Mas Ardi, Mbak Dewi kenapa???”
“Ora ngerti Sin, Mbak Dewi kaget gara-gara weruh foto iki.”
“Foto?? Foto apa???”
“Iki”
Banjur weruh foto sing didelokake Ardi, Sinta kaget.
“Bapak….”
“Iya, iki bapakku Sin…”
“Hah??? Bapakmu, Mas??”
“Kowe karo mbakyumu kenapa ta Sin, weruh fotone bapakku kaya weruh apa tok, kenapa to jane?”
“Budi Priyodigdo, Mas?”
“Iya.”
Sinta melu ambruk. Aku ngerti, Sinta ya kaget weruh foto mau. Dheweke nangis nyesek.
“Mas, Bapake dhewe padha, Mas….”
Saiki genten Ardi sing kaget. Pranyata mbiyen bapak nikah ndisik karo ibune Ardi. barang let rong taun bapak nikah karo ibuku tanpa sepengetahuan ibune Ardi. Berarti bapak duwe bojo loro  tanpa sepengetahuan bojo-bojone.
“Saiki Bapak nang di Sin?”
“Ora ngerti, ora ngerti, Mas. Kae wis dudu bapakku.”
“Bapak wis nikah maneh, Di.” Aku nambahi.
Ngesoke Sinta mangkat kuliyah kaya biasane. Saiki Ardi dudu pacare, nanging dadi kangmase, uga dadi adhiku. Ardi ora kenyana-nyana yen bapake bisa sekejem kuwi.
Ing sisih liya bapak uripe selot suwi selot payah. Bojo anyare lara-laranan. Dhuwite bapak entek kanggo mbiayai bojo anyare pengobatan. Malah jare-jare saiki bapak ditinggal mati bojone. Saiki bapak wis ora nduwe kulawarga.
Setaun sakwise, aku lan kaluwargaku, ora kecuali Ardi, ana ing rumah sakit ngancani aku bar-baran. Nanging, ibune Ardi ana nang umah amarga isih gerah. Anakku lanang. Bagus kaya bojoku. Kulawargaku bungah nduwe anggota kulawarga anyar. Wektu arep metu rumah sakit, Ardi ngomong karo aku lan liyane yen dheweke keprungu suwara rintihane larane bapak, sing asale saka kamar pasien sebelah.
“Mbak, kae kaya suwarane Bapak…”
“Hush… ngawur! Wis ta ora usah digubris…”
Banjur iku ana suster sing mbengok-mbengok isih nelpun suster liya.
“Sus, pasien ingkang naminipun Pak Budi Priyodigdo betah dokter Haryono sakniki!!, DARURAT!”
Sakwise keprungu jeneng sing disebutake suster mau, kabeh padha kaget. Ardi langsung metu kamar lan nuju kamar sebelah. Kabeh padha melu, ora kecuali aku lan anakku. Pranyata bener. Kuwi bapak. Bapakku sing aku sengiti kebujur tanpa daya ana ing kasur, jantunge kritis. Bapak kaget yen nang ngarepe wis ana kulawargane sing wis ditinggalake.
“Kulawargaku… Anak-anakku…”
Suwarane Bapak lemes. Weruh kahanan kuwi, embuh kenapa kabeh padha sedih lan lali yen asline padha sengit.
“Bapak njaluk ngapuro ya.. Tulung, kabeh kaluputane bapak dingapuro ya cah….Salamke kanggo ibu ya, Di.. Bapak dingapuro..”
Terus bapak ngundang ibuku.
“Asih…. Aku njaluk ngapurane ya…”
“Iya, Mas. Padha-padha…”
Banjur kaya ngono, bapak langsung merem. Kabeh padha tangisan. Bapak tilar donya sakdurunge dokter teka. Aku lan kabeh wis padha menehi ngapura bapak. Bapak… muga-muga njenengan ditrima ing sisihipun Gusti Allah… Amin.
Sakwise kadadeyan mau, kabeh padha mulih lan urip seneng lan tentrem. Kabeh prakara wis rampung. 

Cuthel.


TRESNAKU MUNG BAYANG SEMU

| | | 0 komentar

Tresna iki aku rasake wiwit anggonku kenal cedhak karo dheweke nem wulan kepungkur. Cedhake iku ora merga saka pakulinan ketemu, nanging pakulinan komunikasi lewat hape. Iya, pancen. Aku wis kenal Pardi wiwit jaman SMP. Dheweke kanca sekelasku wektu kelas 7. Nanging, ora kenyana-nyana yen aku bakal secedhak iki lan nduweni rasa tresna karo dheweke.
Aku iki wonge ora gampang tresna karo wong lanang. Pacaran be ora tau. Ora merga ora ana sing tresna, nanging aku isih wedi pacaran. Mboh, kok bisa ya aku tresna karo dheweke. Pardi iku kagolong wong biasa. Dhuwur ora, lemu ha’a. Mung yen prakara agama dheweke rada luwih saka wong lanang liyane. Mbok menawa tresna iki merga perhatian sing dheweke wenehi kanggo aku.
Pardi kuliyah ing Yogyakarta, njukuk jurusan hukum. Aku kuliyah ing keguruan Semarang, njukuk jurusan basa Jawa. maklum yen aku ora tau ketemu dheweke. Saben padha-padha bali ana kampung, Pardi mesti dolan ana umahku. Pirang-pirang jam anggonku geguyonan karo dheweke. Ora lali secangkir kopi las sepiring roti tak suguhake. Aku weruh meseme dheweke kui dudu mesem biasa. Mesem sing kebak makna.
Suwi-suwi rasane kok aku kaya digantungake. Dheweke selot cedhak, nanging ora tau ngomongake piye asline hubungan iki. Ora bisa yen aku kagantung kaya ngene terus. Dicedhaki wong lanang liya dadi setengah-setengah anggonku ngladeni. Padahal wong iku yo apikan lan santun.
Ora sabar rasane. Turuku dadi angel. Saben wayah mesti sing ana nang pikiranku mung dheweke. Bubar sholat aku mesti ndonga marang Gusti Allah jaluk jawaban saka pikiran iki.
sakwijining wengi, wektu iku ana acara nonton wayang ing kampusku. Saben mahasiswa diwajibake nonton. Jam wis nudhuhake wektu 2 isuk. Mripatku ora kuwat, wis kepengin merem wae. Nanging ora sida merga dheweke setia ngancani aku smsan. Pikirku wektu iku, iki wektu sing pas nakokake hubunganku karo dheweke. Dheweke tak sms.
Aku     : di..., ak meh tkon oleh pora?
Pardi   : y oleh ra..meh tkon opo?
Aku     : asline dhewe ki priye c di????
Suwi banget anggone Pardi mbalesi smsku. Saya deg-degan ati iki. Limalas  menit sakwise, dheweke mbalesi.
Pardi   : Tini…ak ngrti yen suwene iki ak slh. Nanging, ak wdi yen gwe lara kw.. ak syg bgt kro kw, Tin… ak mung pgn gwe kw sneng…

Dwaaaaarrrrr…… ati iki rasane kaya mleker… saya ora mudeng aku maca pikirane dekne. Lha asline aku iki dianggep sapa??? Jare sayang, jare pengen gawe aku seneng… nanging kok saya gawe bingung wae???!! Ya Allah kuatke aku…
Pengen nangis kok sungkan karo kanca-kanca. Mbedegel ati iki. Lha terus apa maksute dekne suwene iki nyedhaki aku??? Astaughfirullahal’adziiiiiiim……
Nglamunku dielingake karo getaraning hapeku. Pranyata sms saka Pardi. Owalah, ora krasa yen aku durung mbalesi maneh smse dheweke.
Pardi   : tin, ko ora dbls c… nesu ya…
Aku     : ora kok, ak ngntuk.
Pardi   : ak jaluk ngapura y yen ak ana luput, tin…
Aku     : ngntuk ykn
Pardi   : tak kncani smsn puo ngnti rampung..
Aku     : rak sah, ndak ngrpoti
Pardi   : ora po2, ak ge pgn ngncani og,              ngnti kw puas..
Aku     : mtrnwun
Sakwise kakadeyan mambengi aku ora tau ndisiki sms utawa nelpun dekne. Aku wegah yen dekne mikir aku sing ngoyak-oyak dekne. Padahal aku mung njaluk kepastian. Hah!
Saben dina saben wayah dheweke tetep wae sms lan telpun aku. Aku yakin, asline dekne uga tresna karo aku.Nanging mbuh, sing nang pikirane apa. Merga iku, aku nakokake maneh hubungan iki. Pengene si telpun. Nanging jujur aku durung siap. Wektu lagi smsan karo aku, dheweke tak takoni maneh.
Aku     : di..asline dwe ki pie c???
Aku wis mbedhek yen dheweke mbalese bakal suwi. Let setengah jam, dheweke mbalesi.
Pardi   : ak syg bgt kro kwe tin… , ak wdi nek gwe lara ati kwe..dilakoni apa anane sek ya…..
Huuuuuuuuuuuh, maneh-maneh kui jawabane. Yawes lah. Sing penting aku wis nakoni. Wis kaping loro anggonku nakoni, dadi aku ora bakal nakoni maneh.
Amarga wis kulina komunikasi, mbuh kenapa perasaanku marang dheweke lan suwalike kuwat. Yen dheweke isih lara, atiku ora penak. Yen aku isih ana prakara, dheweke uga ngrasa. Jan wis kaya sigaring nyawa tenanan.
Sakwijining dina mbuh kenapa aku ngrasakake kangen banget karo dheweke. Mbok menawa merga padha-padha kangen mara-mara dheweke tilpun. Wektu tilpun-tilpunane suwi nemen. Rasane kaya wis sui ora tau telpun. Bungah tenan ati iki, aku lan dheweke padha-padha ngaku yen kangene nemen. Aku saya bungah maneh, amarga dheweke janji yen awal preinan mengko saka Yogya arep nusul aku nang Semarang bali bareng menyang Batang. Batinku bakal romantis ki, cicuit yak’e.
Wektu sing ditunggu-tunggu teko, atiku dag-dig-dug. Dheweke tilpun aku. Ehalah pranyata ora sida. Dheweke pranyata ijek akeh kegiatan ing kampuse. Maklum, dheweke aktifis kampus. Aku bali dhewekan dina iku. Dheweke uga bali dhewekan telung dina sakwise.  Yawis lah, ora papa. Durung bejaku. Hehe…..
Dina preinan wis mlaku setengah wulan. Dheweke sing biasane dolan ana ing omahku dadi arang njedul, sing tarkadang nawakake njemput aku saka dolan dadi ora tau maneh. Sms ya jarang, apa maneh tilpun. Sapa sing ora kaget yen ngono???? Aku dadi kaya adoh karo dheweke. Kahanan kui ndadekake aku ndisiki sing sms dheweke.
Aku     : Di…kw knpa c???
Dheweke ora tau mbales smsku sing pitakone padha terus. Tak sms meneh ing dina liya.
Aku   : Di, kw knpa c???? kok saya beda wae…apa ak nduwe luput???? yen iya ak jaluk ngapura y..
Sejam anggonku nunggu balesan smse. Hapeku muni tanda sms, saka Pardi.
Pardi   : ora kok tin,kwe rak luput, ak sg luput.
Aku dadi mikir sing ora-ora. Aku yakin mesti ana sing Pardi umpetake saka aku. Apa aku nduwe luput ya, lan ora nyadar nggawe lara atine dheweke. Nanging yen tak pikir-pikir ora ana kok. Wah, apa Pardi wis nduwe pacar ya, kok  ngadohi aku tanpa sebab ngono. Aku ora arep meksa Pardi yen pancen wegah crita kenapa kok ngadohi aku. Ben wektu sing menehi wangsulan.
Sakwijining dina, aku dolanan facebook kaya biasane. Ora kerasa yen aku wis sewulan lost contact karo Pardi. Kangen rasane. Kanggo ngilangake kangen, aku mbukak facebooke Pardi. Deg-deg!!!!!! Mara-mara atiku les-lesan. Aku nemukake tulisan yen statuse Pardi ning kono dudu “rumit” maneh, nanging wis ganti dadi “berpacaran”. Aku ngerti Pardi iku kaya apa. Dheweke wonge ora tau ngapusi. Hufffh…., Perkiraanku ora salah ye  yen Pardi pancen wis due pacar. 

Lemes aku pas kui…… Aku uga maca pesan dindinge Pardi. Dheweke asring komen-komenan karo sing jenenge Fatmawati. Mesra maneh komenane!! Hem…hem…. Tanda-tanda ki… Merga penasaran, jeneng Fatmawati tak klik. Tak dhelok profile. Pranyata padha-padha wong Batang, kuliyahe nang IkIP PGRI Semarang.
Preinan siji setengah wulan wis entek, wayahe kuliyah maneh. Embuh karepe apa, Pardi ngehubungi aku maneh. Sms lan telpun maneh, nanging ora biasa kaya maune.
Ngesoke, bali saka kuliyah aku langsung ngurupake kipas angin lan legerengan ana ing jubin. “Dina iki nerakane bocor po ya????” pikirku. Nderttt…ndertttt….nderrttt…. hapeku getar. Aku mesem. Pranyata sms saka Yani, kanca cedhakku SMP. Dadi uga kancane Pardi. Yani wis ngerti yen aku cedhak karo Pardi. Amarga aku wis tau curhat. Saking cedhake, Yani yen ngundang aku “cecek” amarga aku wonge gering lencir. Lan aku ngundang Yani “tekek”amarga awake lemu. Smse koyo ngene.
Yani    : cek,cecek… pie kbrmu? =P
Aku     : hoalah tekek to… alhmd apik ae, kw py??? Wis sui rak ana kbr ng di ae tek?
Yani    : alhmd, apik. ngapurane cek, hpku rusak. Wz 2wln rak nyekel, he^^. Cek aq meh tkon ke..
Aku     : apa2 tek,meh tkon apa??gnten tkon og, kyo kro cp tok..
Yani    : apa kwe ge cedhak kro Pardi???
Aku     : iya, knpa ta???
Yani    : ora pa2, mung tkon
Merga penasaran, sisan wae aku takon Yani bab Fatmawati. Merga Yani uga kuliyah ing IKIP PGRI. Bisa wae Yani kenal kanca seangkatane sing padha-padha saka Batang. Asline takonku iki mung guyonan lan aku ngepas-ngepaske.
Aku    : eh tek, gnten ak sg tkon… kw ngrti pcre Pardi rak??? jre kul ng IKIP lho… cok’e kwe knl..
Yani   : oh, tin… kwe wis ngrti ta pcre Pardi… iya aq knal..
Mak jeder atiku kaya disamber bledek. Kaget. Kaget banget. Les-lesan… Padahal pitakonku mau mung guyon… Lha kok pranyata malah gawe ati lara. Aku wegah Yani ngerti yen asline aku durung keprungu Pardi wis nduwe pacar. Aku ngapusi sithik.
Aku     : ya, ak wz ngrti ko. Cp jnenge yan??
Yani    : jnenge wati. ngapurane ya tin, msti atimu lara..
Aku     : oh…mtrnwun ya yan.
Wis jelas kabeh. Iya, lara banget ati iki…. Nanging aku lega. Penasaranku wis ilang. Maturnuwun Gusti, berkat Pajenengan kula sampun boten penasaran malih……
Sakwise kadadeyan mau, Pardi tak nengke. Pikirku wektu iku buthek, atiku remuk. Rasane sengite nemen karo Pardi. Dheweke kok jahate nemen karo aku, tegone setengah urip, ora ngei ngerti aku yen dekne wis nduwe pacar.. Lha aku iki dianggep apa jane????? saking sengite aku karo Pardi, smse lan tilpune ora tak urus. Pingine nang facebook dheweke tak busek saka kekancanan. Pingine aku wegah kenal maneh!!!!!! Nanging yen tak pikir-pikir, aku sing nyengit. Dheweke wis apikan karo aku, wis ngancani yen aku butuh. Yen mikir perasaan aku bisa dadi wong sing egois. Aku wegah ngono. Ngluru mungsuh kuwi gampang, nanging ngluru kanca sing apike kaya dheweke angel banget! Yawis, tak korbanke perasaan iki kanggo Pardi. Kanggo kekancanan iki. Insya Allah aku ikhlas Pardi wis nduwe pacar. Merga aku pingin dadi kanca sing apik. Seneng yen kancane seneng. Pungkasane, mung seminggu anggonku ngenengake. Yen dheweke takon kenapa seminggu wingi ora diurus tilpun lan smse, aku mung jawab “hapeku dijaluk dosen”. Ngapusi sitik ora papa, kanggo kekancanan iki.   

^_^. Cuthel.

Sedulurku, Kulawargaku

| | | 0 komentar

Gita, Ira,  lan Wisnu iku kakang adi. Gita, si ayu sing akeh nyenengi , lan adhine, Ira, sing mung let setaun karo dheweke, sarta Wisnu anak mbarep sing menengan. Bocah telu mau gedhe ing kulawarga sing kecukupun. Bapak lan Ibune iku pengusaha batik sing sukses. Saben wulane mesthi ngulakake dagangane ana ing luar negeri. Saking ewuhe dadi arang  ana wektu kanggo kumpul karo anak-anake ning omah.
Sanajan  kakang adi, bocah telu mau ora tau akur. Ana wae perkarane. Apa maneh Gita karo Ira, saben dina mesthi tukaran. Biasane sing dadi perkara yaiku ijir-ijiran barang apik. Yen wis ngono, saking sumpeke ana ing omah, Wisnu luwih seneng  dolan. Mbok Lemu sing dititipi anak marang majikane nganti kuwalahan, ora sanggup nentremake tukarane bocah loro mau.
Saben dina mobil IPV ireng dikendarai Pak Tatang kanggo ngeterake bocah telu mau ana ing SMA Kebangsaan Luhur. Iya. Ira kelas X, Gita kelas XI IPS, lan Wisnu kelas XII IPA. Yen wis mlebu ana ing sekolah, bocah telu mau etok-etok padha ora tepung. Jan ana-ana wae prilakune.
Sakwijining dina bubar sekolah, Ira ora melu mulih bareng kaya biasane. Dheweke ana rapat OSIS. Dengaren, swara bengak bengoke Ira lan Gita  sing  biasane keprungu dadi sepi. Sakwise mangan awan ana ing omah, Gita langsung mlebu kamar lan turu. Wisnu dolanan PS. Jam nudhuhake angka 5 Sore. Mbok Lemu ndodog lawang kamare Gita kanggo nggugah.
“Mbak Gita, Menika Ibu tilpun…”
 “Nggih, maturnuwun Mbok.”
Anggone Ibuke tilpun kanggo ngabarake yen Ibu lan Bapake arep kondur omah luwih gasik telung dina saka jadwal. Sing maune dijadwalake kondur seminggu maneh dadi diajukake telung dina maneh. Gita bungahe nemen amarga wis suwi ora tau ketemu wong tuwane.
Ora krasa jam  nudhuhake angka 7 mbengi. Wektune padha mangan. Mung Gita sing wis siap ana ing meja makan. Dheweke bingung, adhi lan kangmase kok ora katon. Pak Tatang ditakoni. 
 “Pak Tatang, Ira wonten pundi Pak?”
“Mbak Ira dereng kondur wiwit wau ta mbak….”
            “Oh, menawi ngaten Mbok Lemu kalian Pak Tatang ngancani kula nedha nggih.”
“Ampun Mbak…” Pak Tatang mangsuli
 “Mangke didukani bapak ibu, Mbak.” Mbok Lemu nambahi.
“Mboten napa-napa, kula mboten eco menawi nedha piyambak, Pak, Mbok. Mangga..”

Mbengi selot dhalu, nanging Ira durung mulih. Sinambi nonton tv, Gita ngobrol karo kangmase.
“Mas, njenengan mau latihan ngeband nang di ta?”
 “Dudu urusanmu!”
 “Ehalah... Ditakoni apik-apik kok wangsulane nyengak ta, Mas..”
 “Urusanmu apa? Arep melu? Males aku yen ana kowe, ngrusuhi tok mengko!”
“Ihhh, pedhe tenan njenengan! Aku ki mung pengin ngerti tok. Yen latihan ana ing sekolah, weruh Ira apa ora?”
 “Ora, sekolah sepi. Mung ana aku lan cah-cah band.”
 “Lha terus cah kae nang di saiki??”
Wisnu  Mung geleng-geleng.
 “Awas bae… Nganti jam 9 durung mulih tak laporke bapak ibu yen dheweke tau mayeng nganti mbengi, ora eling wektu! Hahahah, bungah aku….” Gita mungkasi ngobrole.
            Jam nudhuhake angka 9 luwih limalas. Gita wis angop-angop ngantuk,  nanging Ira durung mulih-mulih. Pak Tatang laporan marang Gita.
 “Mbak, sampun jam 9. Kula badhe nusul Mbak Ira nggih…”
“Nusul wonten pundi Pak? Terosipun Wisnu, sekolah sampun sepen saking wau ko… Sekedhap Pak, badhe kula tilpun rumiyin.”
Asline Gita males nilpun adhine, Ira. Nanging amarga kepepet, dheweke kepeksa nilpun. Pranyata HPne Ira ora aktif.
 “Pie ta iki? Jan bocah pancen gemblung tenan!!”
“Kados pundi, Mbak?” Pak Tatang nakoni.
 “Boten usah dipunsusul, Pak. Ngenjang nggih wangsul piyambak. Sampun,Pak. Sare mawon, pun dhalu.”
 
Ngesoke, minggu isuk sing bakal dadi peristiwa kebak makna kanggo Gita lan kangmase. Ira durung mulih-mulih. HPne uga isih ora aktif. Gita dadi kuwatir marang adhine amarga dheweke wis nelpun kancane Ira sing uga melu OSIS. Jare kancane, Ira wis bali wiwit sore wingi.
“Mas, pie iki? Ira kok durung mulih wae?”
 “Halah…. Kudune kowe seneng Ira ora mulih..”
“Ora ngono Mas…. Jare kancane, Ira kuwi wis mulih saka wingi sore. Nanging kok durung tekan omah ya?”
 “Paling ya nginep ning kanca liyane. Apa maneh iki dina minggu.”
“Kok ora ngabari omah? Yen  wegah tilpun, sms kan bisa! Malah HPne dinon-aktifke… Kaya bocah ora nduwe aturan tok!”
“Dinon-aktifke kan men ora dikon mulih…. Dadi bisa dolan-dolan suwi. Paling ya iki isih dolan karo kanca-kancane. Kaya  kowe ora tau wae.”
”Huhh…., kesel ngomong karo kowe, Mas!!”
 “Padha!!!!!”

Sorene Gita entuk sms saka kanca cedhake Ira, nakokake Ira nang ngendi lan kenapa HPne ora aktif. Gita saya kuwatir. Dadi, Ira ora karo kanca-kancane. Lha terus?????
Let sedhelok Wisnu menehake hapene marang Gita, nudhuhake sms saka nomer ora dikenal  sing dheweke trima. Tangane dredeg.
“Kirim uang 60 juta jika ingin adik Anda selamat!!  Ditunggu di bekas Pabrik Tinta besok jam 8 malam.”
“Piye ki Git???”
“Astaughfirullah… Ya Allah, Mas…. Ira, Mas…..”
Gita lan Wisnu lemes. Adhi sing disengiti diculik wong. Embuh sapa, mesthi wong mau wis merhatikake kebiasaane keluargane. Sanajan sengit, nanging tetep wae Ira kulawargane, adhine sing kudu dilindungi.
Pak Tatang, Bu Lemu, apa maneh Gita lan Wisnu bingung. Meh lapor polisi, nanging wedi yen adhine diapa-apake. Pengin langsung marani adhine, nanging durung cukup dhuwite. Wisnu mung nduwe tabungan 20 yuta lan Gita mung 8 yuta. Dhuwite kurang 22 yuta. Pungkasane, amarga kepepet, Wisnu kapeksa nggadekake gitar kesayangane supaya adhine selamet. Asline yen wong tuwane ngerti prakara iki, Wisnu lan Gita ora perlu ngetokake dhuwit tabungane lan nggadekake gitar. Wong tuwane mesthi sanggup mbayar amarga dhuwite mubrah-mabreh. Nanging, Wisnu lan Gita wegah ngei ngerti wong tuwane, amarga prakara iki wis dadi tanggung jawabe njaga adhine.
Dina transaksi teka. Wisnu teka nang kahanan sing wis disepakati, dikancani Gita. Alhamdulillah, Ira slamet. Ira bungah banget amarga kangmas lan mbakyune gelem nulungi dheweke. Padahal ira wis pasrah, dikira ora ana sing nulungi amarga dheweke ora akur karo kangmas lan mbakyune. Kaping sapisan iki bocah telu mau sikep-sikepan, kaya wis suwi ora tau ketemu. Ira ngaturake maturnuwun marang kangmas lan mbakyune.
Mara-mara polisi teka, tukang culik mau langsung ditangkap. Wisnu lan Gita kaget rumangsa ora ngabari polisi. Pranyata sing ngabari polisi yaiku sopire. Pak Tatang wedi yen majikan cilike kenapa-napa. Dadi, kanggo kaselametane bocah telu mau, Pak Tatang ngabari polisi.  
Tekan omah, bocah telu mau, Pak Tatang lan Mbok Lemu gawe perjanjian. Aja nganti prakara penculikan sing dialami mau keprungu wong tuwane. Kabeh padha kumpul ing ruwang tv.
“Ira, Gita… Kadadeyan mau dilalikake wae ya. Ora usah diungkit-ungkit maneh. Aja nganti Bapak lan Ibu ngerti. Mengko mundhak kuwatir.”
“Iya, Mas…….” Gita lan Ira bareng-bareng mangsuli.
“Pak Tatang kalian Mbok Lemu ugi boten usah criyos kadadeyan wau kalian Bapak Ibu nggih… Anggep kados boten wonten napa-napa nggih Pak, Mbok. Kula, Gita, kalian Ira nyuwun pangapunten sampun ndamel kuwatir. Maturnuwun Bapak kaliyan Mbok sampun pitulungan anggenipun ngabari polisi.”
“Sendika dhawuh, Mas. Kula kalian Mbok Lemu sampun sakmesthinipun pitulungan marang Mas Wisnu, Mbak Gita kalian Mbak Ira, sampun kuwajiban.”
“Menika sampun dhalu, Mas, Mbak. Mangga sare sedaya. Ngenjang Bapak Ibu badhe kondur. Saking wau mesthinipun kesel sedaya. Supados ngenjang saged waras. Mangga….”. Mbok Lemu nambahi.
“Bapak kalian Mbok ugi sare nggih.” Gita mangsuli.

Ngesoke mulih saka sekolah, bocah telu mau lan Pak  Tatang langsung nuju menyang bandara kanggo njemput wong tuwane. Tekan bandara, ana pengumuman yen pesawat tujuan Solo sing ditumpaki wong tuwane ditunda rong jam, amarga perjalanane dialangi udan awu saka gunung merapi. Saengga kudu mandeg dhisik ana bandara ing Jakarta.
Bapak lan ibune bocah telu mau nelpun bocah telu mau lewat HPne Wisnu. Loro-lorone diloudspeaker.
“Le, Ira boten napa-napa ta Le…” Bapak nakeni.
“Hah?” Wisnu Kaget lan bingung.
“ Bapak pikantuk kabar saking Polres, kadose Ira kalawingi dipunculik ta?? Pundi bocahe…”
“Boten napa-napa kok, Pak…” Ira mangsuli.
“Ya Allah ra, boten lecet kan? Ibu Bapak kuwatir keprungu kabaripun. Wisnu, Gita ugi mboten napa-napa kan…???”
“Mboten napa-napa, Bu….” Wisnu lan Gita mangsuli.
Pak, Bu,.. Wisnu nyuwun pangapunten nggih… boten saged njagi adhik-adhik kanthi sae.”
“Gita ugi nyuwun pangapunten Pak, Buk…”
“Ira nggih nyuwun pangapunten Pak, Buk…”
“Nggih, pun…pun…. Bapak ugi Ibu nyuwun pangapunten sami amargi boten saged asring ngancani wonten dalem. Bapak Ibu mung saged ngendika, ingkang rukun dados seduluran…amargi sinten malih ingkang badhe pitulungan menawi boten seduluripun piyambak?”
“Sinau ingkang sregep ya cah, boten kesupen ibadahipun ugi.” Ibu nambahi.
“Sendika dhawuh Pak, Bu….” Cah telu mangsuli.
Bocah telu mau bingung kenapa kok Bapak Ibune ngendikane kaya meh lunga adoh. Padahal kan meh bali, dudu lunga maneh.
“Pundi Pak Tatang? Bapak kalian Ibu badhe ngendikan…” Bapak taken.
HPne ora diloudspeaker maneh.  Rada suwi anggone Bapak Ibu wicantenan marang Pak Tatang lan Mbok Lemu. Embuh ora ngerti apa sing diomongake.
Sakwise iku, Pak Tatang ngeterake bocah telu mau karo Mbok Lemu bali ana omah, amarga anggone Bapak Ibune bali isih suwi. Karo nungguni, bocah telu mau padha nonton tv ing ruang tengah. Ora sengaja ana berita yen pesawat saka Jakarta tujuan Solo ngalami kacilakan. Bocah telu mau padha ndredeg, wedi yen pesawat iku sing ditumpaki wong tuwane. Ora suwi Mbok Lemu nampa tilpun saka perusahaan penerbangan pesawat sing ditumpaki majikane. Pranyata bener, pesawate majikane kacilakan. Lan sing nggawe sedih maneh, ora ana penumpang sing selamet. Ora kejaba majikane dhewe.
Innalilahiwainnailaihiraajiun……
Wong seomah padha tangis-tangisan. Bocah telu mau saiki sadar. Pranyata ngendikane wong tuwane mau nandakake yen arep ninggalake anak-anake. Ngendikane sing pungkasan. Wektu tilpun-tilpunan ana ing bandara, Pak Tatang lan Mbok Lemu diamanati karo majikane supaya njaga anak-anake nganthi saklawase. Uga Pak Tatang diwenehi ngerti yen kabeh warisan wis diurus karo kancane majikane, kanggo uripe anak-anake saklawase. Yaiku marang  polisi sing uga menehi ngerti prakara Ira diculik.
Wisnu, Gita, lan Ira wis ora nduwe wong tuwa. Kadadeyan wiwit Ira diculik lan kematiane wong tuwane dadi tamparan sing lara kanggo bocah telu mau. Ngendika terakhire wong tuwane kalaksanan, bocah telu mau wegah nguciwakake almarhum lan almarhumah wong tuwane. Saiki ora ana tukaran, ijir-ijiran, lan neng-nengan. Bocah telu mau saya suwi saya raket. Pak Tatang lan Mbok Lemu bungah ndelengake kahanan kui mau. Kabeh padha rukun lan tentren anggone urip kanthi saklawase.
Perkara apa wae sing kedadeyan mesthi ana hikmahe. Kaya prakara sing dialami kulawargane Wisnu, Gita, lan Ira. Uripe wong wis diatur marang sing gawe urip. Lan kadadeyan kui kabeh ndadekake bocah telu mau luwih nduweni rasa tanggung jawab, ora manja, ngerti aturan urip, lan ngerti arti pentinge seduluran.

Cuthel.


Ale lan Simbahe

| | | 0 komentar


Sawijining dina ana wong lanang umur 19 taunan, lagi lungguhan ana ing ngarep kos-kosane sinambi nyawang foto wong tuwa sing ana ing laptope. Dheweke katon lemes, embuh apa sing dadi pikirane. Kacamata mines sing dianggone digletakake ana ing meja. Kopi sing ana ing sandingane disruput. Wong lanang mau kuwi jenenge Ale, mahasiswa Tekhnik semester 5 ing salahsawijining Universitas ing Yogyakarta. Awake lemu, dhuwur, lan alim. Pranyata dheweke kangen banget marang simbah kakunge, sing wis momong dheweke wiwit ibune seda nganti gedhe. Ora maido, simbahe kui wis kaya wong tuwane dhewe. Ale ditinggal seda ibune saka umur rong taun lan bapake nikah maneh. Saengga simbahe pengen yen sing ngrumat Ale ya simbahe. Dheweke kepikiran, simbahe gerah ana ing kampunge. Nanging piye maneh, Ale ora bisa mulih ana ing wektu cedhak iki. Dheweke isih ana ujian akhir. Apa maneh jarak Yogya-Batang  ora kaya jarake Yogya-Magelang. Ale mung bisa ndongakake simbahe supaya enggal senggang. Dheweke bisa mulih akhir ujian mengko, wayahe preinan dawa.
Ngesoke, katon wong wadon ayu, jaketan kandhel, lungguhan ana ing ngarep kose Ale. Isuk iku pancen kerasa atis. Ora let suwi Ale metu. Pranyata wong wadon ayu mau jenenge Peni, pacare Ale wiwit semester 3. Peni uga kuliyah ing Yogyakarta, semester 5, njukuk seni tari. Dheweke asli Magelang. Yen saben dina setu, Peni mesti njaluk dieterake bali menyang Magelang. Amarga wis tresna, Ale gelem ngeterake. Bejane saben dina setu Ale kuliyah sore. Peni diboncengake numpak motor tekan omahe. Bapak lan ibune Peni wis akrab karo Ale. Ale pamitan arep mulih Yogya maneh.
Wis ana setaun anggone Ale pacaran karo Peni. Nanging, simbahe durung diwenehi ngerti. Ale ngerti yen dheweke crita bab Peni, mesthi simbahe ora bakal setuju. Amarga kaluwargane Peni iku ora ngerti agama. Sanajan simbahe Ale Kyai, sak ora-orane Ale kudu oleh wong wadon sing ngerti agama. Saben wektu Ale mesti ngandani Peni supaya aja lali sholat lan ngaji. Nanging, ora ngerti yen Peni nglakoni apa ora.
Sawiijining wengi wayah turu, Ale diimpeni simbahe. Simbahe pesen supaya sekolah sing bener lan aja mikirake pacaran ndisik. Mak glubrak, Ale tiba saka kasure. Dheweke kaget, kenapa dheweke ngimpi kaya ngono. Nanging, dheweke ora pati mikirake mimpi mau.
Selot suwi Ale ngrasakake Peni beda, saiki cemburuan lan senengane ngatur-ngatur dheweke. aja iki lah, aja iku lah. Embuh kenapa, Ale tetep wae nganut. Nanging, dheweke wegah yen diganggu wektu wayah sinau. Ale kepengen sukses. Ale kepengen gawe simbahe seneng.
Telung dina maneh ujian semester rampung. Dheweke nyiapake apa wae sing arep digawa mulih menyang kampunge. Dheweke wis kangen banget marang simbahe.
Sorene bubar ujian, Ale entuk kabar yen pacare kacilakan ditabrak motor wektu bali kuliyah, arep nyabrang dalan. Ale langsung marani pacare ana ing rumah sakit. Bejane ora parah, mung lecet-lecet. Nanging, amarga kepengen dienteni pacare, Peni sengaja kelaranen, saengga doktere ngongkon Peni ana ing rumah sakit ndisik, ora oleh mulih. Saben mulih ujian, Ale mesti nglongok lan ngrawat Peni.
Sedina sakwise ujian rampung Ale ditilpun wong omah, dikabari yen gerahe simbahe saya ndadi. Apa maneh jare bulike, simbahe ngundang jenenge Ale terus. Simbah mesti kangen banget karo Ale. Ale mutusake arep mulih sorene. Ngerti Ale arep mulih, Peni langsung nesu. Dheweke ora ngolehake Ale mulih. Nanging, Ale wis ngomong yen simbahe gerahe saya ndadi. Peni tetep ora gelem ditinggal. Ale bingung, peni wegah ditinggal ana ing rumah sakit tanpa dheweke. Ale tetep kudu mulih, milih simbahe. Ngerti kaya ngono Peni langsung mrengangah nesu.
“Oh dadi sing dipilih Mas Ale, simbah??? Simbah kan wis tuwa….. ngapa diparani? Bar iki ya bakale ora ana… sing kudu ditungguni ya aku iki, Mas…!”
Ale mung bisa nggrundel ing njero ati. Dheweke ngelus dada.
“Ya Allah, kaget banget anggonku keprungu omongane Peni mau. Lara atiku. Lara banget. Tak kira Peni uga sayang marang simbah, ora mung karo aku sayange… Dadi, aku salah milih Peni dadi pacarku! Padahal aku ngluru pacar uga kanggo uripku kanthi bebojoan mengko. Ya Allah…..”
Terus dheweke pamit marang pacare.
“Pen, aku wis ngerti watekmu sing asli saiki. Aku ya ngerti yen kowe iki ora tau gelem yen tak kandhani kanggo solat lan ngaji. Aku wis cukup sabar. Apa wae kepinginanmu aku turuti. Saiki kowe malah nggawe aku lara ati.. Aku ya mbiyen wis crita kan yen simbahku uga wis kaya wong tuwaku dhewe, kaya wong tuwa kandungku! Kenapa kowe kok tega ngomong kaya ngono????”
“Mas, nanging bener kan omonganku?? Simbah kui pancen wis tuwa…. Ya ora  suwi bakale ora ana…”
            “Wis, cukup Pen, cukup! Saiki  dhewe mlaku dhewe-dhewe. Kowe ora usah ngatur uripku maneh. Aku ya ora susah-susah ngongkon kowe ibadah maneh. Aku tak mulih saiki.”
“ Mas, Mas…….. aja Mas….”
Peni mung bisa nangis weruh Ale ninggalake dheweke ana ing rumah sakit dhewekan. ora ana maneh Ale sing sayang karo dheweke.
Ale langsung bali nang kos. Sakwise sholat maghrib, dheweke langsung mangkat mulih menyang kampunge numpak motor. Suwene perjalanan nem jam. Akhire dheweke tekan omah jam siji isuk. Omahe katon sepi, ora ana sapa-sapa. Jare tanggane, simbahe dirawat ana ing rumah sakit. Ngerti kaya ngono, Ale langsung nuju rumah sakite. Ing kana wis katon bapake, bulike, lan sadulur-sadulure sing pada nglongok. Ale lemes weruh simbahe dioksigen. Bulike ngundang Ale.
“Le, iki lho simbah arep ngendikan....”
“Kados pundi, Mbah?”
Ale nyedhaki simbahe. Selang oksigen sing nempel ing tutuke simbahe diuculi suster.
“Le, sing sregep ya anggonmu sinau, aja lali ibadahmu. Rukun yen karo sedulur-sedulur. Mengkone yen milih wong wadon aja mung ayu. Nanging, didhelok bibit bobote ya, Le… Aja sembarangan.”
“Nggih, Mbah….”
Banjur iku, wong-wong sing padha nang njero kamar mau padha pamit bali. Sing ana mung simbah lan Ale. Ale terus nyekeli tangane simbahe. Amarga awake kesel saka perjalanan, Ale keturon anggone nunggoni simbahe.
Suwara adzan shubuh nangikake anggone Ale turu. Sakwise shalat, Ale nangikake simbahe kanggo dhahar. Ale kepingin ndulang simbahe. Nanging, simbahe ora konjat, anteng wae ora obah. Pranyata simbahe wis tilar donya. Kabeh kulawarga padha sedih, apa maneh Ale. Ale janji arep nggawe bangga simbahe. Ora maneh-maneh Ale milih wong wadon mung ayu parase. Nanging, budi pekerti lan ibadahe uga kudu sing becik. Uga Ale arep dadi wong sing dikarepake simbahe. 

Cuthel.

Sejarahe Hanacaraka

| | | 0 komentar


Caritane kaya mengkene:
Kacarita ing jaman mbiyen ana wong saka tanah Hindhustan anom jenenge Ajisaka. Dheweke putrane Ratu, nanging kepengin dadi pandhita sing pinter. Kasenengane mulang kawruh rupa-rupa. Dheweke banjur pengen lunga mencarake ngelmu kawruh ing tanah Jawa.
Banjur anuju sawijining dina Ajisaka sida mangkat menyang tanah Jawa karo abdine papat sing jenenge Duga, Prayoga, Dora, lan Sembada. Bareng tekan ing pulo Majethi padha leren. Ajisaka banjur nilar abdine loro; Dora lan Sembada ing pulo iku. Dene Ajisaka karo Duga lan Prayoga arep njajah tanah Jawa ndhisik.
Dora lan Sembada diweling ora oleh lunga saka kono. Saliyane iku abdi loro mau dipasrahi keris pusakane, didhawuhi ngreksa, ora oleh dielungake marang sapa-sapa.
Ajisaka banjur tindak karo abdine loro menyang ing tanah Jawa, njujug ing negara Medhang Kamulan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Dewata Cengkar. Sang Prabu iku senengane dhahar daginge wong. Kawulane akeh sing padha wedi, banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihe ngaran Kyai Tengger.
Kacarita Ajisaka ana ing Medhang Kamulan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi siswane. Para siswane padha tresna marang Ajisaka amarga dheweke seneng tetulung. Nalika semana Ajisaka mondhok neng omahe Nyai Randha Sengkeran dipek anak karo Nyai Randha. Kyai Patih Karo Nyai Randha iya wis dadi siswane Ajisaka.
Anuju sawijining dina Sang Prabu Dewata Cengkar duka banget ora ana wong maneh sing bisa didhahar. Ajisaka banjur saguh dicaosake Sang Prabu dadi dhaharane. Sang Nyai Randha lan Patih dadi kaget banget. Nanging Ajisaka celathu yen wong loro iku ora usah kuwatir yen dheweke ora bakal mati. Banjur Ajisaka diaterake ngadhep Prabu Dewata Cengkar. Prabu Dewata Cengkar ya rumangsa eman lan kersa ngangkat Ajisaka dadi priyayi, nanging Ajisaka ora gelem.
Ana siji panyuwune Ajisaka, yaiku nyuwun lemah saiket jembare. Sing ngukur kudu Sang Prabu dhewe. Sang Prabu Dewata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhewe. Ikete Ajisaka dijereng. Ikete tansah mulur bae, dadi amba serta dawa. Iya dituti wae dening Sang Prabu nganti notog ing segara kidul. Bareng wis mepet ing pinggir segara, ikete dikebutake. Dewata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.
wong-wong ing Medhang Kamulan padha bungah. Awit ratune sing diwedeni wis sirna. Saka panyuwune wong akeh, Ajisaka ngganteni jumeneng ratu ana ing negara Medhang Kamulan ajejuluk Prabu Jaka, iya Prabu Widayaka. Dene patihe isih lestari Kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadekake bupati, ngarane Tumenggung Duduga lan Tumenggung Prayoga. Sang Prabu Jaka, iya Sang Prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sembada.
Kacarita Sang Prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep Kyai Patih sarta para bupati. Sang Prabu kengetan abdine sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriye wartane si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwe ora krungu apa-apa.
Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pula Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa gustine wis jumeneng ratu ana ing Medhang Kamulan. Si Dora ngajak sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewalere gustine, ora pareng lunga-lunga saka Pulo Majethi, yen ora tinimbalan. nanging si Dora nekat arep sowan dhewe. si Sembada ditilapake banjur mangkat ijen wae. Ana ing dalan, si Dora kepethuk karo Tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur diajak bali dening si Dora.
Awit si Sembada dijak ora gelem, wong telu banjur sowan ing ngarsane Sang Prabu. Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yen dheweke ora gelem diajak.
Mireng ature si Dora, sang Prabu duka banget, lali dhawuhe dhewe mbiyen. Banjur Dora didhawuhi bali menyang Pulo Majethi lan nimbali si Sembada. Yen meksa ora gelem, didhawuhi dirampungi lan kerise dibalekake. Dora sanalika mangkat. Ing Pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yen mentas sowan gustine, saiki diutus nimbali si Sembada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. 
Nanging si Sembada ora ngandel marang kandane si Dora. Banjur padha padu rame. Suwe-suwe padha kekerengan, dredeg ora ana sing kalah, awit padha digdaya. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perange sampyuh. Si Dora lan si Sembada padha mati kabeh.
Sang Prabu ngarep-arep tekene si Dora. Wis sawetara suwene teka durung sowan-sowan mangka didhawuhi enggal bali. Sang Prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga, didhawuhi nusul si Dora menyang Pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat. Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kaget banget dene si Dora lan si Sembada ketemu wis padha mati kabeh. Tilase mentas padha kekerengan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumletak ana ing sandhinge. Pusaka banjur dijupuk arep diaturake marang gustine. 
Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsane gustine lan mratelake kahanane. Sang Prabu Widayaka kanget banget mireng pawarane, awit pancen kaliuputane dhewe wis kesupen pandhawuhe. banjur sang Prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mengeti abdine loro iku sing setya nganti mati.

Lorone mati amarga ora bisa mbuktekake dhawuhe sang Prabu. Mula Ajisaka banjur nyiptakake aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.  


sumber: 
Prihantono, Djati. 2011. Sejarah Aksara Jawa. Jakarta: Javalitera.
(dengan perubahan seperlunya)