SUGENG RAWUH....

Undha Usuk Basa

Minggu, 07 Juli 2013

| | |

Undha usuking basa yaiku trap-trapaning (stratifikasi) basa amarga kanggo ngajeni marang wong kang diajak wawan rembung. Ing sesrawungan masyarakat Jawa saiki basa sing asring digunakake yaiku basa Ngoko lan Krama. Basa Ngoko kapilah dadi loro, yaiku basa Ngoko Lugu lan basa Ngoko Alus. Dene basa Krama kapilah dadi loro uga, yaiku basa Krama Lugu lan basa Krama Alus.
Undha usuk basa Jawa ana:
1.     Basa Ngoko adate dianggo wawan rembug utawa omong-omong dening wong sing wis padha tepung apik, akrab, ora ana jarak, lan nduweni derajat imbang.
Ngoko Lugu
§       Titikane: tetembungane ngoko kabeh, ora ana sing dibasakake.
§       Kagunaane: kanggo sapadha-padha, bocah karo bocah, wong tuwa karo wong tuwa, wong tuwa marang bocah. Biasane digunakake wong sing wis padha-padha akrab.
§       Tuladha: “Tini numpak sepur.”
Ngoko alus
·        Titikane: tembunge ngoko campur krama inggil tumrap kang diajak guneman. Biasane digunakake wong sing wis padha-padha akrab la ana usaha saling ngurmati.
·         Kagunaan: Ibu marang bapak ing dalem, wong tuwa marang wong enom kang isih ngajeni.
·         Tuladha: “Ibu mau tindak jam enem esuk.”


2.      Dene basa Krama adate dianggo wawan rembug utawa pacelathon dening wong sing durung tepung akrab lan derajate beda utawa sok ana jarak lan kanggo luwih ngajeni wong liya.
Krama Lugu
o       Titikane kabeh nggunakake tembung krama.
o       Kagunaane: wong tuwa marang wong enom kang isih diajeni, uga wong enom marang wong tuwa nanging ora pati ngajeni.
o        Tuladha: “Adhi kula nembe tilem jam tiga dalu.”
Krama Alus
·        Titikane: tembung karma inggil, ater-ater, lan panambange karma.
·        Kagunaane: bocah marang wong tuwa, wong enom marang kang luwih tuwa kang ngajeni banget, andhahan marang dhuwuran.
·         Tuladha: “Panjenengan dipunaturi rawuh wonten arisan menika.”


Ing ngisor iki arep dakaturake tuladha-tuladha ukara ing basa Jawa. Tuladha-tuladha mau awujud ukara ing basa Ngoko Lugu, basa Ngoko Alus, basa Krama Lumrah, lan basa Krama Alus. Kapethik saka buku "Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa" kaca 22-23 taun 2001, terbitan Kanisius Yogyakarta, pangriptane Haryana Harjawiyana lan Th. Supriya.
Alenia sing arep kanggo tuladha basa Ngoko lan Krama mangkene:
"Wonten nem-neman nama Pak Ali, dados guru SD ing sacelak griyanipun. Pak Ali sampun gadhah pacangan (calon semah). Nalika samanten pacanganipun sakit, lajeng dipunpriksakaken dhateng dhokter lan dipunsukani resep. Ing wanci istirahat, Pak Ali nilar sekolahan, kesah dhateng apotik ingkang papanipun boten tebih saking sekolahan perlu numbasaken obat resep dhokter pacanganipun".

Tuladha ing basa Ngoko Lugu
Pawicantenanipun Hasan kaliyan Nurdin, kekalihipun kanca akrabipun Pak Ali ing dhusun.
Hasan
Kaya Pak Ali mau lunga menyang apotik, bokmanawa kowe weruh duwe perlu apa?"
Nurdin
Pak Ali tuku obat resep dhokter, jarene dhek wingi calon bojone lara."
Katrangan: Kekalihipun ngginakaken tembung-tembung ngoko, amargi ingkang dipunngendikaken kanca raketipun.

Tuladha ing basa Ngoko-Alus
Pawicantenanipun Bu Srini kaliyan Pak Tana, kalih-kalihipun kanca guru SD.
Bu Srini
Kaya Pak Ali mau tindak menyang apotik, bokmanawa panjenengan priksa kagungan perlu apa?"
Pak Tana
Pak Ali mundhut obat resep dhokter, ngandikane dhek wingi calon garwane gerah".
Katrangan: sawatawis tembung-tembung ngoko dipungantos tembung krama inggil. Menawi tembung ngokonipun wonten ater-ater (di-) utawi panambang (e/ne-), boten ewah dados (dipun) lan (ipun/nipun). Tuladha: bojone ? garwane.
lunga -> tindak
kowe -> panjenengan
tuku -> mundhut
jarene -> ngandikane
weruh -> priksa
duwe -> kagungan
bojone -> garwane
lara -> gerah

Tuladha ing basa Krama Lugu
Pawicantenanipun Mbok Radem tangganipun Pak Ali kaliyan Pak Atma tukang kebon sekolahan.
Mbok Radem
Kados Pak Ali wau kesah dhateng apotik, bokmanawi sampeyan sumerep gadhah perlu menapa?"
Pak Atma
Pak Ali tumbas obat resep dhokter, criyosipun kala wingi calon semahipun sakit."
Katrangan: sawatawis tembung-tembung ngoko dipungantos tembung krama. Menawi tembung ngokonipun wonten ater-ater (di-) utawi panambang (e/ne-), ewah dados (dipun-) lan (ipun/nipun-). Tuladha: jarene ? criyosipun.
kaya -> kados
mau -> wau
lunga -> kesah
menyang -> dhateng
bokmanawa -> bokmanawi
kowe -> sampeyan
weruh -> sumerep
duwe -> gadhah
apa -> menapa
tuku -> tumbas
jarene -> criyosipun
dhek -> kala
bojone -> semahipun
lara -> sakit

Tuladha ing basa Krama-Alus
Pawicantenanipun Bu Tini Kepala Sekolah (taksih radi enem) kaliyan Pak Marta guru (sampun sepuh).
Bu Tini
"Kados Pak Ali wau tindak dhateng apotik, bokmanawi panjenengan priksa kagungan perlu menapa?"
Pak Marta
Pak Ali mundhut obat resep dhokter, ngandikanipun kala wingi calon garwanipun gerah."
Katrangan: sawatawis tembung-tembung krama dipungantos tembung krama inggil. Ing tembung krama dados krama inggil, ater-ater (dipun-) utawi panambang (ipun/nipun-), boten ewah. Tuladha: criyosipun ? ngandikanipun.
kesah -> tindak
sampeyan -> panjenengan
sumerep -> priksa
gadhah -> kagungan
tumbas -> mundhut
criyosipun -> ngandikanipun
semahipun -> garwanipun
sakit -> gerah








3 komentar:

Posting Komentar