SUGENG RAWUH....

Parikan

Kamis, 11 Juli 2013

| | |

PARIKAN
·         Tegese Parikan
Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen kag nduweni pathokan utawa paugeran ajeg kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi. Parikan iku kaya pantun nanging mung rong larik, parikan migunakake purwakanthi guru swara. Ing piwulang Basa Indonesia diarani pantun.
·         Paugeran utawa pathokane parikan
1.      Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
2.      Ukara sing ngarep kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi, wos.
3.      Tibaning ukara kang kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho.
4.      Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra.
5.      Bisa kedadeyan saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kedadeyan saka wolung wanda saben sagatra.
·         Tuladha parikan
Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2
1.      Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi.
2.      Wajik klethik, gula Jawa. Luwih becik, sing prasaja.
3.      Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen.
4.      Plesir sore, dina ahad. Naksir kowe, kakeyan ragat.
5.      Plesir sore, dina minggu. Naksir kowe ora kewetu.
Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2
1.      Bisa nggender, ora bisa ndemung. Bisa jejer, ora bisa nembung.
2.      Bisa nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.
3.      Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, sing sregep sinau.
Parikan (3 wanda + 5 wanda) x 2
1.      Bayeme, wis kuning–kuning. Ayeme, yen wis nyandhing.
2.      Timune, diiri–iris. Gumune, ora uwis – uwis.
3.      Sirahe, dianguk- anguk. Senenge, yen wis kepethuk.
Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2
1.      Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit. Isih murid aja seneng keceh dhuwit.
2.      Kembang menur, sinebar den awur–awur. Yen wis makmur, aja lali mring sedulur.
3.      Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong. Yen wis condhong, tindakna gotong royong.
4.      Tawon madu, ngisep sari kembang jambu.  Aja nesu, yen ditudhuhna luputmu.
Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2
1.      Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu. Aja awatak gumampang, den sengkud nggregut  sinau.
2.      Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring para siswa, aja wedi ing rekasa.
3.      kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati. Uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati.
Parikan Padinan
1.      Kece, ora enak. Melu kowe ora kepenak.
2.      Ngetan, bali ngulon. Tuwas edan, ora klakon.
3.      Peyek diremet – remet. Ngenyek, aja banget–banget.
4.      Pitik walik, jambu wulung. Dilirik, wadul mring kakung.
5.      Pitik walik saba kebon. Ketoke cilik jebul babon.
6.      Manuk emprit nucuk pari, dadi murid bukune keri.
Tuladha liyane
Nonton film ning gulu cengeng,
Atiku ayem sliramu seneng.

Ngasah arit nganti landep,
Dadi murid kudu sregep.

Wit Gedang Awoh Pakel
Omong Gampang Nglakoni Angel

Tawon madu ngisep sekar,
Nggolek ilmu kudu sabar.

Iki wayah mangsa ketiga,
Ning ngendi-ngendi banyu entek,
Senajan sliramu ra rumangsa,
Nanging aku tetep nggatek.

Tuku jarit nang Pasar Turi
murah regané maremaké ati
Dadi murid kudu ngajèni
marang guru aja sok wani

Ndelok manten
Ning Omahe Mumun
Cekap semanten
Lan matur nuwun


(dari berbagai sumber)






0 komentar:

Posting Komentar