SUGENG RAWUH....

PANDAWA LIMA

Minggu, 07 Juli 2013

| | |

Yudhistira iku sedulure Pandawa sing paling tuwa. Dheweke jelmaan saka Dewa Yama lan lair saka dewi Kunthi. Watake wijaksana, ora nduweni mungsuh, lan ora tau ngapusi ing uripe. Nduweni moral sing apik lan seneng ngapurani mungsuh sing wis ora nduwe daya. Nduweni julukan Dhramasuta (putera Dharma), Ajathasatru (sing ora nduweni mungsuh), lan Bharata (keturunan Maharaja Bharata). Dheweke dadi salahsawijining Maharaja donya sakwise perang gedhe ing Kurukshetra pungkas lan nganakake upacara Aswamedha kanggo ndadekake kerajaan-kerajaan India Kuno supaya ana ing ngisor pengaruhe. Sawise pensiun, dheweke nglakoni perjalanan suci menyang gunung Himalaya bareng karo sedulur-sedulure sing liya. Sawise nempuh perjalanan dhawa, dheweke mlebu swarga. 

 
Bima
Bima iku anak kaping lorone dewi Kunthi karo prabu Pandhu. Jeneng bhima ana ing basa sansekerta nduweni teges “medheni”. Dheweke iku jelmaan saka Dewi Bayu saengga nduweni jeneng julukan Bayusutha. Bima kuwat banget, lengene dhawa, awake dhuwur, lan raine paling sangar yen dibandingke karo sedulur-sedulure. Nanging dheweke nduweni ati sing apik. Pinter nggunakake senjata gada. Senjata gadane jenenge Rujakpala. Dheweke uga pinter masak. Sakliyane kuwi Bima uga seneng mangan saengga diwenehi julukan Werkudara. kapinterane perang dibutuhake banget karo Pandawa supaya Pandawa bisa menang ana ing pertempuran gedhe ing Kurukshetra. Dheweke nduweni anak lanang saka ras raksasa, jenenge Gatotkaca. Gatotkaca melu mbantu bapake perang, nanging gugur. Pungkasane Bima sing menang perang lan menehake tahta karo kangmase, Yudhistira. Ing pungkasaning urip, dheweke nglakoni perjalanan suci bareng karo para Pandawa menyang gunung Himalaya. Ing kana dheweke mati lan ana ing swarga. Ing pewayangan Jawa, loro anak lanange sing liya yaiku Antareja lan Antasena.


Arjuna (Janaka)
Arjuna iku golongan Pandawa kaping telu. Arjuna yaiku anak pungkasane dewi Kunthi karo prabu Pandu. Jenenge ing basa sansekerta nduweni teges “sing nduwe sinar”, “sing nduwe cahya”. Dheweke iku jelmaan saka Dewa Indra, Sang Dewa perang. Arjuna nduweni kemahiran ilmu manah lan dianggep dadi ksatria paling apik dening Drona. Kapinterane ing ilmu perang ndadekake dheweke dadi tumpuan para Pandawa supaya bisa menang wektu perang akbar ing Kurukshetra. Arjuna nduweni akeh jengeng, kaya ta Dhananjaya (tukang ngrebut pesugihan- amarga dheweke bisa ngumpulake upeti wektu upacara Rajasuya sing dianakake Yudhistira); Kirti (sing nduwe mahkota endah- amarga dheweke diwenehi mahkota endah saka Dewa Indra wektu ana ing swarga); Partha (putra dewi Kunthi- amarga dheweke putra Perta alias Kunthi). ana ing pertempuran ing Kuruksheta dheweke bisa menang lan Yudhistira didadekake raja. Sawise Yudistira mati, dheweke nglakoni perjalanan suci menyang gunung Himalaya bebarengan karo para Pandawa lan ngeculake kabeh panguripan donyane. Ing kana dheweke mati ana ing perjalanan lan mlebu swarga.  


Nakula iku salahsijining putra kembar pasangan dewi Madrim lan prabu Pandudewanata. Dheweke iku jelmaan Dewa kembar, jenenge Dewa Aswin, Sang Dewa pengobatan. Sedulur kembare jenenge Sadewa, luwih cilik saka dheweke, lan uga jelmaan saka Dewa Aswin. Sawise wong tuwane tilar donya, dheweke lan adhine diopeni dewi Kunthi, bojo sakliyane prabu Pandu. Nakula pinter nggunakake senjata pedhang. Drupadi matur yen Nakula iku wong lanang sing paling bagus ing donya lan salahsijining ksatria berpedhang sing tangguh. Dheweke giat makarya lan seneng ngrewangi kangmas-kangmase. Wektu pengasingan ing alas, nakula lan telung Pandawa liyane sempet mati amarga ngombe racun, nanging dheweke urip maneh amarga permohonane Yudhistira. Ana ing penyamaran ing Kerajaan Matsya sing dipimping Raja Wirata, dheweke dadi pengasuh kuda. Ing pungkasaning urip, dheweke melu perjalanan suci menyang gunung Himalaya bareng karo kangmas-kangmase. Ing kana dheweke mati ing perjalanan lan arwahe ana ing swarga.


Sadewa iku salahsijining putra kembare pasangan dewi Madrim lan prabu Pandu. Dheweke jelmaan Dewa kembar Aswin, Sang Dewa pengobatan. Sedulur kembare jenenge Nakula, luwih gedhe saka dheweke, lan uga jelmaan Dewa Aswin. Sawise wong tuwane tilar donya, dheweke lan kangmase diopeni marang dewi Kunthi, bojo sakliyane prabu Pandu. Sadewa iku rajin banget lan wicaksana. Sadewa uga ahli ilmu astronomi. Yudhistira matur yen Sadewa iku wong lanang sing wicaksana, setara karo Brihaspati, guru para Dewa. Dheweke giat makarya lan seneng ngrewangi kangmas-kangmase. Ana ing penyamaran ing Kerajaan Matsya sing dipimpin Raja Wirata, dheweke dadi pengembala sapi. Ana ing pungkasaning urip, dheweke melu perjalanan suci menyang gunung Himalaya bareng karo kangmas-kangmase. Ing kana dheweke mati ing perjalanan lan arwahe ana ing swarga.



(dari berbagai sumber)


0 komentar:

Posting Komentar