SUGENG RAWUH....

Sejarahe Hanacaraka

Kamis, 06 Juni 2013

| | |


Caritane kaya mengkene:
Kacarita ing jaman mbiyen ana wong saka tanah Hindhustan anom jenenge Ajisaka. Dheweke putrane Ratu, nanging kepengin dadi pandhita sing pinter. Kasenengane mulang kawruh rupa-rupa. Dheweke banjur pengen lunga mencarake ngelmu kawruh ing tanah Jawa.
Banjur anuju sawijining dina Ajisaka sida mangkat menyang tanah Jawa karo abdine papat sing jenenge Duga, Prayoga, Dora, lan Sembada. Bareng tekan ing pulo Majethi padha leren. Ajisaka banjur nilar abdine loro; Dora lan Sembada ing pulo iku. Dene Ajisaka karo Duga lan Prayoga arep njajah tanah Jawa ndhisik.
Dora lan Sembada diweling ora oleh lunga saka kono. Saliyane iku abdi loro mau dipasrahi keris pusakane, didhawuhi ngreksa, ora oleh dielungake marang sapa-sapa.
Ajisaka banjur tindak karo abdine loro menyang ing tanah Jawa, njujug ing negara Medhang Kamulan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Dewata Cengkar. Sang Prabu iku senengane dhahar daginge wong. Kawulane akeh sing padha wedi, banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihe ngaran Kyai Tengger.
Kacarita Ajisaka ana ing Medhang Kamulan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi siswane. Para siswane padha tresna marang Ajisaka amarga dheweke seneng tetulung. Nalika semana Ajisaka mondhok neng omahe Nyai Randha Sengkeran dipek anak karo Nyai Randha. Kyai Patih Karo Nyai Randha iya wis dadi siswane Ajisaka.
Anuju sawijining dina Sang Prabu Dewata Cengkar duka banget ora ana wong maneh sing bisa didhahar. Ajisaka banjur saguh dicaosake Sang Prabu dadi dhaharane. Sang Nyai Randha lan Patih dadi kaget banget. Nanging Ajisaka celathu yen wong loro iku ora usah kuwatir yen dheweke ora bakal mati. Banjur Ajisaka diaterake ngadhep Prabu Dewata Cengkar. Prabu Dewata Cengkar ya rumangsa eman lan kersa ngangkat Ajisaka dadi priyayi, nanging Ajisaka ora gelem.
Ana siji panyuwune Ajisaka, yaiku nyuwun lemah saiket jembare. Sing ngukur kudu Sang Prabu dhewe. Sang Prabu Dewata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhewe. Ikete Ajisaka dijereng. Ikete tansah mulur bae, dadi amba serta dawa. Iya dituti wae dening Sang Prabu nganti notog ing segara kidul. Bareng wis mepet ing pinggir segara, ikete dikebutake. Dewata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.
wong-wong ing Medhang Kamulan padha bungah. Awit ratune sing diwedeni wis sirna. Saka panyuwune wong akeh, Ajisaka ngganteni jumeneng ratu ana ing negara Medhang Kamulan ajejuluk Prabu Jaka, iya Prabu Widayaka. Dene patihe isih lestari Kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadekake bupati, ngarane Tumenggung Duduga lan Tumenggung Prayoga. Sang Prabu Jaka, iya Sang Prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sembada.
Kacarita Sang Prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep Kyai Patih sarta para bupati. Sang Prabu kengetan abdine sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriye wartane si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwe ora krungu apa-apa.
Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pula Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa gustine wis jumeneng ratu ana ing Medhang Kamulan. Si Dora ngajak sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewalere gustine, ora pareng lunga-lunga saka Pulo Majethi, yen ora tinimbalan. nanging si Dora nekat arep sowan dhewe. si Sembada ditilapake banjur mangkat ijen wae. Ana ing dalan, si Dora kepethuk karo Tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur diajak bali dening si Dora.
Awit si Sembada dijak ora gelem, wong telu banjur sowan ing ngarsane Sang Prabu. Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yen dheweke ora gelem diajak.
Mireng ature si Dora, sang Prabu duka banget, lali dhawuhe dhewe mbiyen. Banjur Dora didhawuhi bali menyang Pulo Majethi lan nimbali si Sembada. Yen meksa ora gelem, didhawuhi dirampungi lan kerise dibalekake. Dora sanalika mangkat. Ing Pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yen mentas sowan gustine, saiki diutus nimbali si Sembada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. 
Nanging si Sembada ora ngandel marang kandane si Dora. Banjur padha padu rame. Suwe-suwe padha kekerengan, dredeg ora ana sing kalah, awit padha digdaya. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perange sampyuh. Si Dora lan si Sembada padha mati kabeh.
Sang Prabu ngarep-arep tekene si Dora. Wis sawetara suwene teka durung sowan-sowan mangka didhawuhi enggal bali. Sang Prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga, didhawuhi nusul si Dora menyang Pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat. Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kaget banget dene si Dora lan si Sembada ketemu wis padha mati kabeh. Tilase mentas padha kekerengan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumletak ana ing sandhinge. Pusaka banjur dijupuk arep diaturake marang gustine. 
Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsane gustine lan mratelake kahanane. Sang Prabu Widayaka kanget banget mireng pawarane, awit pancen kaliuputane dhewe wis kesupen pandhawuhe. banjur sang Prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mengeti abdine loro iku sing setya nganti mati.

Lorone mati amarga ora bisa mbuktekake dhawuhe sang Prabu. Mula Ajisaka banjur nyiptakake aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.  


sumber: 
Prihantono, Djati. 2011. Sejarah Aksara Jawa. Jakarta: Javalitera.
(dengan perubahan seperlunya)








0 komentar:

Posting Komentar