SUGENG RAWUH....

Sedulurku, Kulawargaku

Kamis, 06 Juni 2013

| | |

Gita, Ira,  lan Wisnu iku kakang adi. Gita, si ayu sing akeh nyenengi , lan adhine, Ira, sing mung let setaun karo dheweke, sarta Wisnu anak mbarep sing menengan. Bocah telu mau gedhe ing kulawarga sing kecukupun. Bapak lan Ibune iku pengusaha batik sing sukses. Saben wulane mesthi ngulakake dagangane ana ing luar negeri. Saking ewuhe dadi arang  ana wektu kanggo kumpul karo anak-anake ning omah.
Sanajan  kakang adi, bocah telu mau ora tau akur. Ana wae perkarane. Apa maneh Gita karo Ira, saben dina mesthi tukaran. Biasane sing dadi perkara yaiku ijir-ijiran barang apik. Yen wis ngono, saking sumpeke ana ing omah, Wisnu luwih seneng  dolan. Mbok Lemu sing dititipi anak marang majikane nganti kuwalahan, ora sanggup nentremake tukarane bocah loro mau.
Saben dina mobil IPV ireng dikendarai Pak Tatang kanggo ngeterake bocah telu mau ana ing SMA Kebangsaan Luhur. Iya. Ira kelas X, Gita kelas XI IPS, lan Wisnu kelas XII IPA. Yen wis mlebu ana ing sekolah, bocah telu mau etok-etok padha ora tepung. Jan ana-ana wae prilakune.
Sakwijining dina bubar sekolah, Ira ora melu mulih bareng kaya biasane. Dheweke ana rapat OSIS. Dengaren, swara bengak bengoke Ira lan Gita  sing  biasane keprungu dadi sepi. Sakwise mangan awan ana ing omah, Gita langsung mlebu kamar lan turu. Wisnu dolanan PS. Jam nudhuhake angka 5 Sore. Mbok Lemu ndodog lawang kamare Gita kanggo nggugah.
“Mbak Gita, Menika Ibu tilpun…”
 “Nggih, maturnuwun Mbok.”
Anggone Ibuke tilpun kanggo ngabarake yen Ibu lan Bapake arep kondur omah luwih gasik telung dina saka jadwal. Sing maune dijadwalake kondur seminggu maneh dadi diajukake telung dina maneh. Gita bungahe nemen amarga wis suwi ora tau ketemu wong tuwane.
Ora krasa jam  nudhuhake angka 7 mbengi. Wektune padha mangan. Mung Gita sing wis siap ana ing meja makan. Dheweke bingung, adhi lan kangmase kok ora katon. Pak Tatang ditakoni. 
 “Pak Tatang, Ira wonten pundi Pak?”
“Mbak Ira dereng kondur wiwit wau ta mbak….”
            “Oh, menawi ngaten Mbok Lemu kalian Pak Tatang ngancani kula nedha nggih.”
“Ampun Mbak…” Pak Tatang mangsuli
 “Mangke didukani bapak ibu, Mbak.” Mbok Lemu nambahi.
“Mboten napa-napa, kula mboten eco menawi nedha piyambak, Pak, Mbok. Mangga..”

Mbengi selot dhalu, nanging Ira durung mulih. Sinambi nonton tv, Gita ngobrol karo kangmase.
“Mas, njenengan mau latihan ngeband nang di ta?”
 “Dudu urusanmu!”
 “Ehalah... Ditakoni apik-apik kok wangsulane nyengak ta, Mas..”
 “Urusanmu apa? Arep melu? Males aku yen ana kowe, ngrusuhi tok mengko!”
“Ihhh, pedhe tenan njenengan! Aku ki mung pengin ngerti tok. Yen latihan ana ing sekolah, weruh Ira apa ora?”
 “Ora, sekolah sepi. Mung ana aku lan cah-cah band.”
 “Lha terus cah kae nang di saiki??”
Wisnu  Mung geleng-geleng.
 “Awas bae… Nganti jam 9 durung mulih tak laporke bapak ibu yen dheweke tau mayeng nganti mbengi, ora eling wektu! Hahahah, bungah aku….” Gita mungkasi ngobrole.
            Jam nudhuhake angka 9 luwih limalas. Gita wis angop-angop ngantuk,  nanging Ira durung mulih-mulih. Pak Tatang laporan marang Gita.
 “Mbak, sampun jam 9. Kula badhe nusul Mbak Ira nggih…”
“Nusul wonten pundi Pak? Terosipun Wisnu, sekolah sampun sepen saking wau ko… Sekedhap Pak, badhe kula tilpun rumiyin.”
Asline Gita males nilpun adhine, Ira. Nanging amarga kepepet, dheweke kepeksa nilpun. Pranyata HPne Ira ora aktif.
 “Pie ta iki? Jan bocah pancen gemblung tenan!!”
“Kados pundi, Mbak?” Pak Tatang nakoni.
 “Boten usah dipunsusul, Pak. Ngenjang nggih wangsul piyambak. Sampun,Pak. Sare mawon, pun dhalu.”
 
Ngesoke, minggu isuk sing bakal dadi peristiwa kebak makna kanggo Gita lan kangmase. Ira durung mulih-mulih. HPne uga isih ora aktif. Gita dadi kuwatir marang adhine amarga dheweke wis nelpun kancane Ira sing uga melu OSIS. Jare kancane, Ira wis bali wiwit sore wingi.
“Mas, pie iki? Ira kok durung mulih wae?”
 “Halah…. Kudune kowe seneng Ira ora mulih..”
“Ora ngono Mas…. Jare kancane, Ira kuwi wis mulih saka wingi sore. Nanging kok durung tekan omah ya?”
 “Paling ya nginep ning kanca liyane. Apa maneh iki dina minggu.”
“Kok ora ngabari omah? Yen  wegah tilpun, sms kan bisa! Malah HPne dinon-aktifke… Kaya bocah ora nduwe aturan tok!”
“Dinon-aktifke kan men ora dikon mulih…. Dadi bisa dolan-dolan suwi. Paling ya iki isih dolan karo kanca-kancane. Kaya  kowe ora tau wae.”
”Huhh…., kesel ngomong karo kowe, Mas!!”
 “Padha!!!!!”

Sorene Gita entuk sms saka kanca cedhake Ira, nakokake Ira nang ngendi lan kenapa HPne ora aktif. Gita saya kuwatir. Dadi, Ira ora karo kanca-kancane. Lha terus?????
Let sedhelok Wisnu menehake hapene marang Gita, nudhuhake sms saka nomer ora dikenal  sing dheweke trima. Tangane dredeg.
“Kirim uang 60 juta jika ingin adik Anda selamat!!  Ditunggu di bekas Pabrik Tinta besok jam 8 malam.”
“Piye ki Git???”
“Astaughfirullah… Ya Allah, Mas…. Ira, Mas…..”
Gita lan Wisnu lemes. Adhi sing disengiti diculik wong. Embuh sapa, mesthi wong mau wis merhatikake kebiasaane keluargane. Sanajan sengit, nanging tetep wae Ira kulawargane, adhine sing kudu dilindungi.
Pak Tatang, Bu Lemu, apa maneh Gita lan Wisnu bingung. Meh lapor polisi, nanging wedi yen adhine diapa-apake. Pengin langsung marani adhine, nanging durung cukup dhuwite. Wisnu mung nduwe tabungan 20 yuta lan Gita mung 8 yuta. Dhuwite kurang 22 yuta. Pungkasane, amarga kepepet, Wisnu kapeksa nggadekake gitar kesayangane supaya adhine selamet. Asline yen wong tuwane ngerti prakara iki, Wisnu lan Gita ora perlu ngetokake dhuwit tabungane lan nggadekake gitar. Wong tuwane mesthi sanggup mbayar amarga dhuwite mubrah-mabreh. Nanging, Wisnu lan Gita wegah ngei ngerti wong tuwane, amarga prakara iki wis dadi tanggung jawabe njaga adhine.
Dina transaksi teka. Wisnu teka nang kahanan sing wis disepakati, dikancani Gita. Alhamdulillah, Ira slamet. Ira bungah banget amarga kangmas lan mbakyune gelem nulungi dheweke. Padahal ira wis pasrah, dikira ora ana sing nulungi amarga dheweke ora akur karo kangmas lan mbakyune. Kaping sapisan iki bocah telu mau sikep-sikepan, kaya wis suwi ora tau ketemu. Ira ngaturake maturnuwun marang kangmas lan mbakyune.
Mara-mara polisi teka, tukang culik mau langsung ditangkap. Wisnu lan Gita kaget rumangsa ora ngabari polisi. Pranyata sing ngabari polisi yaiku sopire. Pak Tatang wedi yen majikan cilike kenapa-napa. Dadi, kanggo kaselametane bocah telu mau, Pak Tatang ngabari polisi.  
Tekan omah, bocah telu mau, Pak Tatang lan Mbok Lemu gawe perjanjian. Aja nganti prakara penculikan sing dialami mau keprungu wong tuwane. Kabeh padha kumpul ing ruwang tv.
“Ira, Gita… Kadadeyan mau dilalikake wae ya. Ora usah diungkit-ungkit maneh. Aja nganti Bapak lan Ibu ngerti. Mengko mundhak kuwatir.”
“Iya, Mas…….” Gita lan Ira bareng-bareng mangsuli.
“Pak Tatang kalian Mbok Lemu ugi boten usah criyos kadadeyan wau kalian Bapak Ibu nggih… Anggep kados boten wonten napa-napa nggih Pak, Mbok. Kula, Gita, kalian Ira nyuwun pangapunten sampun ndamel kuwatir. Maturnuwun Bapak kaliyan Mbok sampun pitulungan anggenipun ngabari polisi.”
“Sendika dhawuh, Mas. Kula kalian Mbok Lemu sampun sakmesthinipun pitulungan marang Mas Wisnu, Mbak Gita kalian Mbak Ira, sampun kuwajiban.”
“Menika sampun dhalu, Mas, Mbak. Mangga sare sedaya. Ngenjang Bapak Ibu badhe kondur. Saking wau mesthinipun kesel sedaya. Supados ngenjang saged waras. Mangga….”. Mbok Lemu nambahi.
“Bapak kalian Mbok ugi sare nggih.” Gita mangsuli.

Ngesoke mulih saka sekolah, bocah telu mau lan Pak  Tatang langsung nuju menyang bandara kanggo njemput wong tuwane. Tekan bandara, ana pengumuman yen pesawat tujuan Solo sing ditumpaki wong tuwane ditunda rong jam, amarga perjalanane dialangi udan awu saka gunung merapi. Saengga kudu mandeg dhisik ana bandara ing Jakarta.
Bapak lan ibune bocah telu mau nelpun bocah telu mau lewat HPne Wisnu. Loro-lorone diloudspeaker.
“Le, Ira boten napa-napa ta Le…” Bapak nakeni.
“Hah?” Wisnu Kaget lan bingung.
“ Bapak pikantuk kabar saking Polres, kadose Ira kalawingi dipunculik ta?? Pundi bocahe…”
“Boten napa-napa kok, Pak…” Ira mangsuli.
“Ya Allah ra, boten lecet kan? Ibu Bapak kuwatir keprungu kabaripun. Wisnu, Gita ugi mboten napa-napa kan…???”
“Mboten napa-napa, Bu….” Wisnu lan Gita mangsuli.
Pak, Bu,.. Wisnu nyuwun pangapunten nggih… boten saged njagi adhik-adhik kanthi sae.”
“Gita ugi nyuwun pangapunten Pak, Buk…”
“Ira nggih nyuwun pangapunten Pak, Buk…”
“Nggih, pun…pun…. Bapak ugi Ibu nyuwun pangapunten sami amargi boten saged asring ngancani wonten dalem. Bapak Ibu mung saged ngendika, ingkang rukun dados seduluran…amargi sinten malih ingkang badhe pitulungan menawi boten seduluripun piyambak?”
“Sinau ingkang sregep ya cah, boten kesupen ibadahipun ugi.” Ibu nambahi.
“Sendika dhawuh Pak, Bu….” Cah telu mangsuli.
Bocah telu mau bingung kenapa kok Bapak Ibune ngendikane kaya meh lunga adoh. Padahal kan meh bali, dudu lunga maneh.
“Pundi Pak Tatang? Bapak kalian Ibu badhe ngendikan…” Bapak taken.
HPne ora diloudspeaker maneh.  Rada suwi anggone Bapak Ibu wicantenan marang Pak Tatang lan Mbok Lemu. Embuh ora ngerti apa sing diomongake.
Sakwise iku, Pak Tatang ngeterake bocah telu mau karo Mbok Lemu bali ana omah, amarga anggone Bapak Ibune bali isih suwi. Karo nungguni, bocah telu mau padha nonton tv ing ruang tengah. Ora sengaja ana berita yen pesawat saka Jakarta tujuan Solo ngalami kacilakan. Bocah telu mau padha ndredeg, wedi yen pesawat iku sing ditumpaki wong tuwane. Ora suwi Mbok Lemu nampa tilpun saka perusahaan penerbangan pesawat sing ditumpaki majikane. Pranyata bener, pesawate majikane kacilakan. Lan sing nggawe sedih maneh, ora ana penumpang sing selamet. Ora kejaba majikane dhewe.
Innalilahiwainnailaihiraajiun……
Wong seomah padha tangis-tangisan. Bocah telu mau saiki sadar. Pranyata ngendikane wong tuwane mau nandakake yen arep ninggalake anak-anake. Ngendikane sing pungkasan. Wektu tilpun-tilpunan ana ing bandara, Pak Tatang lan Mbok Lemu diamanati karo majikane supaya njaga anak-anake nganthi saklawase. Uga Pak Tatang diwenehi ngerti yen kabeh warisan wis diurus karo kancane majikane, kanggo uripe anak-anake saklawase. Yaiku marang  polisi sing uga menehi ngerti prakara Ira diculik.
Wisnu, Gita, lan Ira wis ora nduwe wong tuwa. Kadadeyan wiwit Ira diculik lan kematiane wong tuwane dadi tamparan sing lara kanggo bocah telu mau. Ngendika terakhire wong tuwane kalaksanan, bocah telu mau wegah nguciwakake almarhum lan almarhumah wong tuwane. Saiki ora ana tukaran, ijir-ijiran, lan neng-nengan. Bocah telu mau saya suwi saya raket. Pak Tatang lan Mbok Lemu bungah ndelengake kahanan kui mau. Kabeh padha rukun lan tentren anggone urip kanthi saklawase.
Perkara apa wae sing kedadeyan mesthi ana hikmahe. Kaya prakara sing dialami kulawargane Wisnu, Gita, lan Ira. Uripe wong wis diatur marang sing gawe urip. Lan kadadeyan kui kabeh ndadekake bocah telu mau luwih nduweni rasa tanggung jawab, ora manja, ngerti aturan urip, lan ngerti arti pentinge seduluran.

Cuthel.


0 komentar:

Posting Komentar