SUGENG RAWUH....

Ale lan Simbahe

Kamis, 06 Juni 2013

| | |


Sawijining dina ana wong lanang umur 19 taunan, lagi lungguhan ana ing ngarep kos-kosane sinambi nyawang foto wong tuwa sing ana ing laptope. Dheweke katon lemes, embuh apa sing dadi pikirane. Kacamata mines sing dianggone digletakake ana ing meja. Kopi sing ana ing sandingane disruput. Wong lanang mau kuwi jenenge Ale, mahasiswa Tekhnik semester 5 ing salahsawijining Universitas ing Yogyakarta. Awake lemu, dhuwur, lan alim. Pranyata dheweke kangen banget marang simbah kakunge, sing wis momong dheweke wiwit ibune seda nganti gedhe. Ora maido, simbahe kui wis kaya wong tuwane dhewe. Ale ditinggal seda ibune saka umur rong taun lan bapake nikah maneh. Saengga simbahe pengen yen sing ngrumat Ale ya simbahe. Dheweke kepikiran, simbahe gerah ana ing kampunge. Nanging piye maneh, Ale ora bisa mulih ana ing wektu cedhak iki. Dheweke isih ana ujian akhir. Apa maneh jarak Yogya-Batang  ora kaya jarake Yogya-Magelang. Ale mung bisa ndongakake simbahe supaya enggal senggang. Dheweke bisa mulih akhir ujian mengko, wayahe preinan dawa.
Ngesoke, katon wong wadon ayu, jaketan kandhel, lungguhan ana ing ngarep kose Ale. Isuk iku pancen kerasa atis. Ora let suwi Ale metu. Pranyata wong wadon ayu mau jenenge Peni, pacare Ale wiwit semester 3. Peni uga kuliyah ing Yogyakarta, semester 5, njukuk seni tari. Dheweke asli Magelang. Yen saben dina setu, Peni mesti njaluk dieterake bali menyang Magelang. Amarga wis tresna, Ale gelem ngeterake. Bejane saben dina setu Ale kuliyah sore. Peni diboncengake numpak motor tekan omahe. Bapak lan ibune Peni wis akrab karo Ale. Ale pamitan arep mulih Yogya maneh.
Wis ana setaun anggone Ale pacaran karo Peni. Nanging, simbahe durung diwenehi ngerti. Ale ngerti yen dheweke crita bab Peni, mesthi simbahe ora bakal setuju. Amarga kaluwargane Peni iku ora ngerti agama. Sanajan simbahe Ale Kyai, sak ora-orane Ale kudu oleh wong wadon sing ngerti agama. Saben wektu Ale mesti ngandani Peni supaya aja lali sholat lan ngaji. Nanging, ora ngerti yen Peni nglakoni apa ora.
Sawiijining wengi wayah turu, Ale diimpeni simbahe. Simbahe pesen supaya sekolah sing bener lan aja mikirake pacaran ndisik. Mak glubrak, Ale tiba saka kasure. Dheweke kaget, kenapa dheweke ngimpi kaya ngono. Nanging, dheweke ora pati mikirake mimpi mau.
Selot suwi Ale ngrasakake Peni beda, saiki cemburuan lan senengane ngatur-ngatur dheweke. aja iki lah, aja iku lah. Embuh kenapa, Ale tetep wae nganut. Nanging, dheweke wegah yen diganggu wektu wayah sinau. Ale kepengen sukses. Ale kepengen gawe simbahe seneng.
Telung dina maneh ujian semester rampung. Dheweke nyiapake apa wae sing arep digawa mulih menyang kampunge. Dheweke wis kangen banget marang simbahe.
Sorene bubar ujian, Ale entuk kabar yen pacare kacilakan ditabrak motor wektu bali kuliyah, arep nyabrang dalan. Ale langsung marani pacare ana ing rumah sakit. Bejane ora parah, mung lecet-lecet. Nanging, amarga kepengen dienteni pacare, Peni sengaja kelaranen, saengga doktere ngongkon Peni ana ing rumah sakit ndisik, ora oleh mulih. Saben mulih ujian, Ale mesti nglongok lan ngrawat Peni.
Sedina sakwise ujian rampung Ale ditilpun wong omah, dikabari yen gerahe simbahe saya ndadi. Apa maneh jare bulike, simbahe ngundang jenenge Ale terus. Simbah mesti kangen banget karo Ale. Ale mutusake arep mulih sorene. Ngerti Ale arep mulih, Peni langsung nesu. Dheweke ora ngolehake Ale mulih. Nanging, Ale wis ngomong yen simbahe gerahe saya ndadi. Peni tetep ora gelem ditinggal. Ale bingung, peni wegah ditinggal ana ing rumah sakit tanpa dheweke. Ale tetep kudu mulih, milih simbahe. Ngerti kaya ngono Peni langsung mrengangah nesu.
“Oh dadi sing dipilih Mas Ale, simbah??? Simbah kan wis tuwa….. ngapa diparani? Bar iki ya bakale ora ana… sing kudu ditungguni ya aku iki, Mas…!”
Ale mung bisa nggrundel ing njero ati. Dheweke ngelus dada.
“Ya Allah, kaget banget anggonku keprungu omongane Peni mau. Lara atiku. Lara banget. Tak kira Peni uga sayang marang simbah, ora mung karo aku sayange… Dadi, aku salah milih Peni dadi pacarku! Padahal aku ngluru pacar uga kanggo uripku kanthi bebojoan mengko. Ya Allah…..”
Terus dheweke pamit marang pacare.
“Pen, aku wis ngerti watekmu sing asli saiki. Aku ya ngerti yen kowe iki ora tau gelem yen tak kandhani kanggo solat lan ngaji. Aku wis cukup sabar. Apa wae kepinginanmu aku turuti. Saiki kowe malah nggawe aku lara ati.. Aku ya mbiyen wis crita kan yen simbahku uga wis kaya wong tuwaku dhewe, kaya wong tuwa kandungku! Kenapa kowe kok tega ngomong kaya ngono????”
“Mas, nanging bener kan omonganku?? Simbah kui pancen wis tuwa…. Ya ora  suwi bakale ora ana…”
            “Wis, cukup Pen, cukup! Saiki  dhewe mlaku dhewe-dhewe. Kowe ora usah ngatur uripku maneh. Aku ya ora susah-susah ngongkon kowe ibadah maneh. Aku tak mulih saiki.”
“ Mas, Mas…….. aja Mas….”
Peni mung bisa nangis weruh Ale ninggalake dheweke ana ing rumah sakit dhewekan. ora ana maneh Ale sing sayang karo dheweke.
Ale langsung bali nang kos. Sakwise sholat maghrib, dheweke langsung mangkat mulih menyang kampunge numpak motor. Suwene perjalanan nem jam. Akhire dheweke tekan omah jam siji isuk. Omahe katon sepi, ora ana sapa-sapa. Jare tanggane, simbahe dirawat ana ing rumah sakit. Ngerti kaya ngono, Ale langsung nuju rumah sakite. Ing kana wis katon bapake, bulike, lan sadulur-sadulure sing pada nglongok. Ale lemes weruh simbahe dioksigen. Bulike ngundang Ale.
“Le, iki lho simbah arep ngendikan....”
“Kados pundi, Mbah?”
Ale nyedhaki simbahe. Selang oksigen sing nempel ing tutuke simbahe diuculi suster.
“Le, sing sregep ya anggonmu sinau, aja lali ibadahmu. Rukun yen karo sedulur-sedulur. Mengkone yen milih wong wadon aja mung ayu. Nanging, didhelok bibit bobote ya, Le… Aja sembarangan.”
“Nggih, Mbah….”
Banjur iku, wong-wong sing padha nang njero kamar mau padha pamit bali. Sing ana mung simbah lan Ale. Ale terus nyekeli tangane simbahe. Amarga awake kesel saka perjalanan, Ale keturon anggone nunggoni simbahe.
Suwara adzan shubuh nangikake anggone Ale turu. Sakwise shalat, Ale nangikake simbahe kanggo dhahar. Ale kepingin ndulang simbahe. Nanging, simbahe ora konjat, anteng wae ora obah. Pranyata simbahe wis tilar donya. Kabeh kulawarga padha sedih, apa maneh Ale. Ale janji arep nggawe bangga simbahe. Ora maneh-maneh Ale milih wong wadon mung ayu parase. Nanging, budi pekerti lan ibadahe uga kudu sing becik. Uga Ale arep dadi wong sing dikarepake simbahe. 

Cuthel.

0 komentar:

Posting Komentar