SUGENG RAWUH....

Kliwonan ing Batang

Kamis, 11 Juli 2013

| | | 0 komentar
Kliwonan

Salahsijining kabudayan ing kutha Batang yaiku Kliwonan. Kliwonan wis dadi kabudayan masyarakat Batang wiwit jaman mbiyen. Kabudayan kang ora bisa sirna. Yen ana ing Batang nanging durung tau kliwonan iku jenenge durung ngrasani kutha Batang. Kliwonan iku salahsijining cara ngenalake kutha Batang marang dhaerah liya lan dadi mata pencaharian masyarakat Batang. Kabudayan sing wajib dijaga lan dilestarikake supaya anak cucune bisa ngrasakake apa kuwi sing jenenge Kliwonan

Kliwonan dianakake saben dina Kamis Wage malem Jumat Kliwon (ana ing kalender Jawa tiba saben 35 dina sepisan–selapan) ing alun-alun Batang. Tradisi Kliwonan dipercaya dadi tradisi tolak bala kanggo masyarakat Kabupaten Batang. Kliwonan wiwit jaman mbiyen ngandhut makna kanggo pedagang amarga para pedagang sing dodolan ing Jum’at Kliwon percaya yen dagangane bisa payu utawi laris.

Ciri khas jajanan kliwonan. Kapisan, makanan tradisional Kabupaten Batang yaiku Manisan sing saka bahan buah kates, diiris dowo, ukurane kurang luwih 5cm. Wernane abang, kuning, saha ijo. Ora mung manisan, isih ana gemblong, tahu aci, lan sakpiturute. Sakliyane iku isih ana sing adol klambi, dolanane bocah cilik, sembako, lan isih akeh maneh .Sakliyane perkara kabutuhan, sing khas saka Kliwonan yaiku nyang-nyangan antara para pedagang lan sing tuku, yen durung ngenyang durung sreg. Kliwonan saya mbengi saya rame, saya akeh sing teka.

Si dodol ana ing kliwonan iku ora mung saka tlatah Batang, tlatah Pekalongan, Weleri, Kendal nganti Semarang uga ana. Pedagang iku mau wis teka ana ing Alun-alin Batang dina Kemis esuk utawa dina Rebu mbengi. Para mahasiswa lan pelajar sing dadi pedagang dadakan uga akeh amarga tuntutan ekonomi lan ana sing mung kanggo pengalaman berwirausaha. Saking akehe pedagang sing nawakake barang dagangane, ndadekake Kliwonan saya meriah, werna-werni yen disawang.
Segi positif anane Kliwonan. Segi ekonomi, yaiku masyarakat sing dodolan ana ing Kliwonan entuk pengasilan saka dagangane. Tukang parkir sing ngatur kendaraan wong sing teka ing Kliwonan entuk penghasilan. Sampah saka Kliwonan bisa dimanfaatke kanggo wong kang mbutuhake. Masyarakat ora bosen yen teka ing Kliwonan. Segi sosial, masyarakat Kabupaten Batang bebrayanan ing Kliwonan, ora mbedakake status sosial lan seneng banget kabutuhane bisa dipenuhi amarga ana Kliwonan. Segi pariwisata, ngenalaken kutha Batang ing Tlatah Jawa. Segi budaya, masyarakat Batang dadi melu nglestarikake kabudayan Kliwonan saengga nganti saiki isih ana, sarta kanggo sarana hiburan gratis.

     Sisi negatif saka Kliwonan. Segi agama, masyarakat ing Kliwonan kurang ngajeni anggone wektu solat, utamane solat mahgrib. Segi sosial, wong wadon dadi akeh sing bali mbengi, ndadekake wong tuwane kuwatir. Sarta kurange rasa tanggung jawab masyarakat bab kebersihan Alun-alun lan sakitare. Segi ekonomi, yaiku barang-barang dagangan sing bisa ilang lan anceman copet. Segi wektu, yaiku akehing sapeda motor lan mobil ndadekake macet ing saubenging alun-alun saengga gawe rugi wektu kanggo pengendarane. Sarta kanggo ajang kumpul remaja-remaja sing ora genah karepe, kayata anak punk.

     Ora mung Kliwonan wae sing ana ing Batang. Isih ana Nyadran, Mitoni, kirab Pusaka, lan liyane. Masyarakat Batang kudu njaga anggone kabudayan sing dadi ciri-cirine Kabupaten Batang saengga kabudayan-kabudayan lan pariwisata sing ana ing Batang bisa dimangerteni wong akeh. Akeh kecamatan sing nduwebi ciri khas dhewe-dhewe ing Kabupaten Batang. Kabeh mau bisa ndadekake Batang terkenal. Kaya ta sing dadi ikon Batang yaiku Alas Roban, alas kang amba banget. Muga Kabudayan ing Batang bisa dilestarikake kanthi anak cucu lan bisa nggawa Kabupaten Batang ing tingkat Nasional.

Dari anasilfi.blogspot.com dengan perubahan seperlunya

Parikan

| | | 0 komentar

PARIKAN
·         Tegese Parikan
Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen kag nduweni pathokan utawa paugeran ajeg kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi. Parikan iku kaya pantun nanging mung rong larik, parikan migunakake purwakanthi guru swara. Ing piwulang Basa Indonesia diarani pantun.
·         Paugeran utawa pathokane parikan
1.      Cacahing wanda kapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
2.      Ukara sing ngarep kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi, wos.
3.      Tibaning ukara kang kapisan kudu padha karo ukara sing kapindho.
4.      Parikan bisa dumadi saka rong gatra utawa patang gatra.
5.      Bisa kedadeyan saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kedadeyan saka wolung wanda saben sagatra.
·         Tuladha parikan
Parikan (4 wanda + 4 wanda) x 2
1.      Pitik blorok, manak siji. Jare kapok, malah ndadi.
2.      Wajik klethik, gula Jawa. Luwih becik, sing prasaja.
3.      Nyangking ember, kiwa tengen. Lungguh jejer, tamba kangen.
4.      Plesir sore, dina ahad. Naksir kowe, kakeyan ragat.
5.      Plesir sore, dina minggu. Naksir kowe ora kewetu.
Parikan (4 wanda + 6 wanda) x 2
1.      Bisa nggender, ora bisa ndemung. Bisa jejer, ora bisa nembung.
2.      Bisa nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.
3.      Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, sing sregep sinau.
Parikan (3 wanda + 5 wanda) x 2
1.      Bayeme, wis kuning–kuning. Ayeme, yen wis nyandhing.
2.      Timune, diiri–iris. Gumune, ora uwis – uwis.
3.      Sirahe, dianguk- anguk. Senenge, yen wis kepethuk.
Parikan (4 wanda + 8 wanda) x 2
1.      Klapa sawit, wite dhuwur wohe alit. Isih murid aja seneng keceh dhuwit.
2.      Kembang menur, sinebar den awur–awur. Yen wis makmur, aja lali mring sedulur.
3.      Rujak dhondhong, pantes den wadhahi lodhong. Yen wis condhong, tindakna gotong royong.
4.      Tawon madu, ngisep sari kembang jambu.  Aja nesu, yen ditudhuhna luputmu.
Parikan (8 wanda + 8 wanda) x 2
1.      Gawe cao nangka sabrang, kurang sirup luwih banyu. Aja awatak gumampang, den sengkud nggregut  sinau.
2.      Jangan kacang winor kara, kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mring para siswa, aja wedi ing rekasa.
3.      kayu urip ora ngepang, ijo-ijo godhong jati. Uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati.
Parikan Padinan
1.      Kece, ora enak. Melu kowe ora kepenak.
2.      Ngetan, bali ngulon. Tuwas edan, ora klakon.
3.      Peyek diremet – remet. Ngenyek, aja banget–banget.
4.      Pitik walik, jambu wulung. Dilirik, wadul mring kakung.
5.      Pitik walik saba kebon. Ketoke cilik jebul babon.
6.      Manuk emprit nucuk pari, dadi murid bukune keri.
Tuladha liyane
Nonton film ning gulu cengeng,
Atiku ayem sliramu seneng.

Ngasah arit nganti landep,
Dadi murid kudu sregep.

Wit Gedang Awoh Pakel
Omong Gampang Nglakoni Angel

Tawon madu ngisep sekar,
Nggolek ilmu kudu sabar.

Iki wayah mangsa ketiga,
Ning ngendi-ngendi banyu entek,
Senajan sliramu ra rumangsa,
Nanging aku tetep nggatek.

Tuku jarit nang Pasar Turi
murah regané maremaké ati
Dadi murid kudu ngajèni
marang guru aja sok wani

Ndelok manten
Ning Omahe Mumun
Cekap semanten
Lan matur nuwun


(dari berbagai sumber)






Kancil lan Merak

Selasa, 09 Juli 2013

| | | 0 komentar

Kancil lan Merak
Merak pancen seneng macak. Mula tansah nengsemake. Wulune katon edi, gawe resep kang padha nyawang. Mula ora sithik tangga-teparo padha mara nyang omahe Merak saperlu sinau ngadi busana lan ngadi salira.“Aku pengin supaya bisa nduweni sandhangan wulu kaya kowe, Rak,” ujare Kancil marang Merak.“Sandhangan wulu kang tememplek ing awakku iki paringane Gusti Kang Akarya Jagad. Aku mung tinanggenah ngrumat lan njaga supaya tetep katon endah,” wangsulane Merak kanthi sareh. “Anggonku seneng dandan lan ngupakara kaendahan iki mung wujud rasa syukurku marang Gusti!” bacute tanpa linandhesan rasa umuk.“Supaya wuluku bisa dadi kaya wulumu, piye carane?” pitakone Kancil.

“Tangeh lamun, Cil! Aku-kowe ki mung saderma nglakoni. Apa kang dadi peparinganing Pangeran kudu tinampa kanthi ati segara,” wangsulane Merak. “Karo maneh kabeh sing tememplek ana saranduning badan iki, mesthi piguna marang awake dhewe. Kang ana ing aku ora durung mesthi ana ing kowe, semono uga kosok baline, Cil. Wulu soklatmu kuwi mesthi piguna tumrapmu!”

Nanging Kancil sajak kemeren nyawang kaendahan wulune Merak. “Piguna apa?” Sawise megeng napas sawetara banjur nggrundel, “Senajan piguna, nyatane wuluku letheg! Aku luwih bungah yen wuluku bisa kaya wulumu! Saben kewan ora sebah nyawang!”“Kuwi rak mung saka panggraitamu dhewe. Nanging ora kok, Cil!” sahute Merak. “Sebab saben kewan ginaris dhewe-dhewe! Uga bab wulu! Wulu-wuluku kaya ngene, wulu-wulumu kaya ngono, wulune Macan, wulune Gajah, lan sato kewan liyane ora ana sing padha!” Senajan akeh-akeh Merak anggone ngandhani, nanging ora bisa mbendung pepenginane Kancil nduweni wulu kaya wulu Merak. “Sakarepmu anggonmu kandha, Rak! Mung aku njaluk tulung supaya aku bisa nduweni wulu kaya kowe!” kandhane Kancil setengah meksa.

Merak gedheg-gedheg gumun karo kekarepane Kancil. “Saupama bisa, terus mengko kowe dadi kewan apa?” pitakone Merak.“Kewan apa wae terserah sing arep ngarani! Mung kira-kira bisa ta, Rak?” pitakone Kancil ngoyak, ora sabar.“Bisa wae, nanging mung imitasi! Pasangan!”“Ora masalah!” Kancil bungah. “Ndang dipasang!” panjaluke kesusu.“Ya sabar, Cil! Aku kudu nglumpukake bodholane wuluku lan wulu-wulune wargaku.”“Terus kapan?”“Udakara rong mingguan.”“Tak tunggu, Rak, ujare Kancil banjur nerusake lakune. Merak mung nyawang kanthi mesem, “Cil, Kancil. Yen duwe kekarepan kok ngudung, tanpa metung tuna lan bathine. Kudu tak udaneni kekarepane, ngiras kanggo menehi piwulang marang dheweke.”Tekan dina sing dijanjekake, esuk uthuk-uthuk Kancil wis tekan omahe Merak. “Piye, Rak? Iki wis rong minggu!”“Beres!” jawabe Merak karo nata wulu-wulu sing wis diklumpukake, “Gilo! Wulu-wulu wis mlumpuk, malah wis dakdhewek-dhewekake! Wulu awak, wulu swiwi, wulu buntut, aku uga wis golek tlutuh wit karet barang minangka kanggo nemplekake ing badanmu!”“ Wis gek ndang dipasang nyang awakku!” ujare Kancil karo lungguh dhingklik sacedhake Merak.Merak banjur ngoser-oseri kabeh kulite Kancil nganggo tlutuh karet. 

Bareng kawawas wis ora ana sing keri, baka siji Merak nemplekake wulu-wulu nut karo kebutuhane. Wulu gulu ditemplekake ing gulu, wulu awak ing awak, wulu sikil ing sikil, dene wulu buntut uga dipasang ing buntute Kancil.Sedina natas, kabeh wulu wis kapasang ing kulite Kancil.“Rampung, Cil,” ujare Merak mesem. “Kae ana pengilon, ndang ngiloa!”Kancil banjur ngilo. Weruh kahanan awake, dheweke mongkog, “Iki sing dakkarepake!” celathune. “Aku bakal dadi salah sijining kewan kang paling endah!”“Bener kandhamu, Cil. Tur ora ana sing madhani!” Merak mbombong. “Mung aja nganti kaendahan mau malah ngreridhu lakumu,” bacute ngelingake.“Ngreridhu piye? Wong apike kaya ngene kok ngreridhu.”“Lho, wulu-wulu kuwi mung templekan. Cetha bakal ngebot-eboti awakmu!”Kancil ora nggagas, malah gage pamitan. “

Wis, Rak. Aku pamit! Lan nedha nrima awit saka kabecikanmu, aku selak pengin mamerke kahananing awakku saiki!”“Sing ati-ati, Cil,” kandhane Merak karo nguntapake Kancil metu saka omahe.Metu saka platarane Merak, Kancil mlaku lon-lonan. Bokonge digidal-gidulake, pamrihe supaya bisa mamerake wulune kang apik tur edi. Saben ketemu sato, Kancil tansah mesem karo aruh-aruh sombong. Dene sing diaruhi uga genti mesem, mung eseme esem geli. Geli amarga weruh kahanan kang ora lumrah. Nanging tumrap Kancil esem mau tinampa beda, “Kabeh kewan padha kesengsem lan kepincut karo aku,” ujare jroning ati.Nanging sengsem, edi, lan endah mau ora suwe. Bareng tlutuh karet mau garing, kulite Kancil dadi kaku nyekengkeng. Akibate sikil, gulu, lan buntute angel diobah-obahake. Kancil mung bisa njegreg ngececer, ora bisa lumaku.“Tulung! Tulung! Tuluuung!” pambengoke sabisa-bisane.“Ana apa, Cil?” pitakone Merak krungu pambengoke Kancil.“Gage tulungana aku, saranduning badanku angel diobahake!”“Kabeh wulu sing nemplek ing awakmu kudu dicopot kabeh, kowe gelem?”“Gelem, Rak!” ujare Kancil nglenggana marang apa sing wis dilakoni. Dheweke eling menawa kabeh paringane Gusti mono kudu tansah disyukuri. Apik, edi, lan endah tumraping sesawangan kadhang bisa ngganggu utawa mbilaheni.

Alon-alon, Merak mbubuti wulu sing wis kebacut kraket ing awake Kancil. Senajan ngrasakake perih amarga sebagian kulite ana sing katut thethel, Kancil mung mringis-mringis karo ngempet lara. Ora sambat. Ndhadha tumindake kang salah merga mung nuruti karepe dhewe, tanpa metung tuna lan bathine.

Sing ndongeng: Bagong Soebardjo

Wangsalan

| | | 0 komentar
Wangsalan yaiku tetembungan utawa ukara saemper cangkriman, nanging batangane wis ana ing perangan burine, mung dicangking sawanda utawa luwih.

Jenang gula, kowe aja lali marang aku.
Sowan kula ing ngriki namung angebun-ebun enjang anjejawah sonten.
Njanur gunung, esuk-esuk kowe wis teka mrene.
Kolik priya, priyagung Anjani putra. Tuhu eman wong anom wedi kangelan.

Tuladha ing dhuwur yen diudhal kaya mangkene :

1.      Jenang gula iku batangane glali. Ing ukara saburine ana tembung lali. Tembung lali njupuk wandane glali (wanda pungkasan batangane jenang gula).
2.      Angebun-ebun enjang batangane nyuwun, bun esuk arane awun-awun. Jawah sonten batangane rabi, udan ing wektu sore jenenge rarabi. Maksude lugu nyuwun rabi.
3.      Njanur gunung batangane kadingaren. Janure wit aren jenenge kadi.
4.      Kolik priya batangane tuhu, manuk kolik iku wadon yeng lanang arane tuhu. Putrane Dewi Anjani batangane Anoman mulane ana tembung wong anom.


Tuladha liyane:
1.      Aja rame-rame wonge lagi mbabon kirik.(babon kirik = asu, batangane nesu).
2.      Jenang sela wader kalen sesonderan, apuranta yen wonten lepat kawula. (Jenang sela = apu, wader kalen = sepat)
3.      Babal bunder manglung kali, Lho, patrapmu kok kaya mangkono !. (Babal bunder = elo).
4.      Mbok aja njangan gori, ethok-ethok ora krungu! (Jangan gori = gudheg)
5.      Bayem arda, ardane ngrasuk busana, mari anteng besuse saya katara. (bayem arda = lateng, ardane ngrasuk busana = besus)
6.      Mina galak ing samodra, bacutna gunemmu Kang Gareng.(mina galak ing samodra = iwak cucut)
7.      Petis manis, ngucapna tembung sing manis.(petis manis = kecap)
8.      Bareng macak sliramu katon mandhan rawa.(pandhan rawa = wlingi)
9.      Pring dhempet, kowe teka mrene kok ara kandha-kandha !. (pring dhempet = andha)
10.  Dom jala, coba aku kandhanana ! (dom jala = coba)
11.  Bremara wismeng bantala, kawula badhe caos atur. (bremara wismeng bantala = tawon tutur, bremara = kombang )
12.  Sayeng kaga kaga kresna mangsa sawa, wong susila lagake anuju prana. (sayeng kaga = kala, kaga kresna mangsa sawa = manuk gagak)
13.  Sri Maha Jawata katong, andaka wulune rekta, jroning nendra gung kaepi.(Ratune para jawata = Bathara Endra, andaka wulune rekta = sapi )
14.  Carang wreksa kawi wuwus, panggya andika kusuma. (carang wreksa = pang , wuwus = tembung kawi ngendika)
15.  Kepiting kang sobeng rawa, nguswaraganta wong ayu. (Kepiting kang saba ana ing rawa = yuyu)
16.  Bale nata rondon pari, paran margane wak mami. (bale nata = pagelaran, rondon pari = dami)
17.  Cecangkok wohing kalapa, ugemana kang dadi pathoking urip. (Cangkok kalapa = bathok )
18.  Carang wreksa, nora gampang wong mengku nagara. (Carang wreksa = pang)
19.  Baligo amba godhonge, kudu santoseng kalbu. (baligo amba godhonge = labu)
20.  Tengareng prang, andheging riris, kudu teteg lan kudu terang ing pikir. (tengara perang = keteg , andeging riris (mandhege udan) = terang

Kapethik saka: Sugeng Kariyodiharjo

Kawruh Tembang Macapat

Senin, 08 Juli 2013

| | | 0 komentar

Macapat iku tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Ana sawetara panemu, tembung macapat asale saka {ma-} lan {cepat}. Karepe, tembang macapat iku pamacane rikat, ora alon, lagune ora kakehan cengkok. Ana maneh sing negesi jarwo dhosok : tembung macapat ‘pamacane papat-papat’. Karepe, yen nglagokake pamedhoting gatra wiwitan tiba wanda kang angka papat. Tembang macapat kapathok ing guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
Macapat kanthi jeneng sing béda uga bisa ditemokaké jroning kabudayan Bali, Sasak, Madura, lan Sunda. Sajabané kuwi macapat uga naté ditemokaké ing Palembang lan Banjarmasin. Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman Majapahit lan wiwitané pengaruh Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah. Sebab ing Jawa Wétan lan Bali macapat wis dikenal sadurungé teka Islam.
Puisi tradhisional Jawa utawa tembang biyasané dipérang dadi telung kategori: tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé. Macapat digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak. Saliyané kuwi tembang tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.
Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang basa Sangsekerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.
Aturan-aturan jroning macapat mau antara liya:
  • Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait).
  • Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
  • Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra
Tembang kang kalebu macapat yaiku:
  1. Maskumambang
  2. Mijil
  3. Kinanthi
  4. Sinom
  5. Asmaradana
  6. Gambuh
  7. Dandanggula
  8. Durma
  9. Pangkur
  10. Megatruh
  11. Pocung

Maskumambang
Gambarake jabang bayi sing isih ono kandhutane ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
Maskumambang
Maratani mring anak putu ing wuri
Den padha prayitna
Ajana kang kuma wani
Mring biyung tanapi bapa

Mijil

Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
Mijil
Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis

Kinanthi
saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
Kinanthi
Saranane wong yun luhung
Betah tapa kurang guling
Elinga solah jatmika
Yen wicara kudu manis
Murih sengseming sasama
Samaning manungsa sami

Sinom
tegese kanoman, minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
Sinom
Nulada laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong Agung ing Ngeksianda
Panembahan Senapati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nenpsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyas ing sasama

Asmaradana
tegese rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baline) kang kabeh mau wis dadi kodrat Ilahi.
Asmaradana
Aja turu sore kaki
Ana dewa nganglang jagal
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandang kalawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima

Gambuh
saka tembung jumbuh/sarujuk kang ateges yen wis jumbuh/sarujuk njur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
Gambuh
Aja nganti kabanjur
Barang polah kang nora jujur
Yen kabanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos

Dandanggula
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh biso kasembadan. Kelakon duwe sisihan/keluarga, duwe anak, urip cukup kanggo sak kaluarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
Dhandanggula
Lamun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang becik martabate
Sarta kang wruh ing hokum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawewehing lyan
Iku pantes sira guranana kaki
Sartane kawruh ana

Durma

Saka tembung darma/weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin darma/weweh marang sapadha-padha. Kabeh mau disengkuyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa.
Durma
Ingkang eling iku ngeling ana marang
Sanak kadang kang lali
Den nedya raharja
Mangkono tindak ira
Yen tan nggugu iya uwis
Teka meneng amung aja sok ngrasani

Pangkur

Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin weweh marang sapadha-padha.
Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton punika dipun kadulu
Miwah ingkang tata karma
Den kaesthi siyang ratri

Megatruh

Saka tembung megat roh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
Megatruh
Para janma sajroning jaman pakewuh
Kasudra nira andadi
Dahurune saya ndarung
Keh tyas mirong murang margi
Kasetyan wus nora katon

Pocung/Pucung
Yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge
dikubur.
Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawankas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara



(dari berbagai sumber)

Tembang Dolanan

| | | 0 komentar

 Tembang dolanan yaiku jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paugeran gatra, guru lagu, guru wilangan, lan dhong dhing. Tembang dolanan iku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané. Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit. Tembang dolanan uga kalebu tradisi lan salahsatunggaling warisan budaya sing adi luhung pantes diuri-uri lan dilestarekake. Yen diteliti kanti permati, tembang dolanan akeh tegese lan ngandhut pitutur luhur ing saben ukarane.  
Iki kaca kanggo ngumpulake syair tembang dolanan utawa tembang sing kerep diunekke bocah-bocah.
  • Cublak-cublak Suweng
  • Gajah Gajah
  • Gambang Suling
  • Gundhul Pacul
  • Jamuran
  • Jaranan
  • Kidang Talun
  • Kupu Kuwi
  • Lir Ilir
  • Menthok Menthok
  • Padhang Bulan
  • Pitik Tukung
  • Suwe Ora Jamu
  • Numpak Prau Layar
Cublak-cublak Suweng iku sawijining tembang dolanan, sing biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik sinambi dolanan bebarengan kanca-kancané. Surasa tembang Gajah gajah kaya tinulis ing ngisor iki:


Cublak-cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé gosong
Sir sir pong dhelé gosong

Gajah-gajah kuwi salah sawijining tembang dolanan sing kerep ditembangaké déning bocah-bocah cilik sinambi dolanan. Surasa tembang Gajah gajah kaya tinulis ing ngisor iki:
Gajah, gajah, mréné tak kandhani jah
mripat koyo laron, siung loro, kuping gedhé
kathik nganggo tlalé
buntut cilik, tansah kopat kapit
sikil koyo bumbung
mung mlakumu mégal mègol

Gundhul Pacul awujudaké tembang bocah-bocah kang populèr ing Jawa Tengah. Tembang iki kalebu tembang lelucon. Surasané tembang kasebut, koyo kang tinulis ing ngisor iki:
Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
 
Gambang Suling
Gambang suling, ngumandhang swarané
thulat thulit, kepénak uniné
uuuuniné mung
nreyuhaké ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangane

Menthog-menthog
Menthok, menthok, tak kandhani
mung rupamu, angisin-isini
mbok yo ojo ngetok, ono kandhang waé
enak-enak ngorok, ora nyambut gawé
menthok, menthok ... mung lakukumu megal megol gawé guyu

Jaranan
jaranan
jaranan
jarane jaran teji
sing numpak ndoro Bei
sing ngiring para santri
Jrek jrek nong
Jrek jrek gung
Jrek jrek nong
Jrek jrek gung
Jrek jrek nong
Jrek jrek gung

Suwe ora jamu
Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan gawe gela

Numpak Prau Layar
Yo kanca nang ndi sing gembira
Ing dina minggu keh pariwisata
Angliyak numpak prahu layer
Alerap lerap banyune segara
Alon prahune wis nengah
Pyak pyuk pyak banyu penelah
Ora jemu jemu karo mesem ngguyu
Ngilangake lara lungkrah lesu
Adi njawil Mas jebul wis sore
Witing kalapa katon ngawe awe
Prayogane becik bali wae
Dene sesuk esuk tumandang
Nyambut gawe

Jamuran

Jamuran ya gégé thok
Jamur apa ya gégé thok
Jamur gajih mbejijih sa ara-ara
Sira mbadhé jamur apa


Kidang Talun
Kidang...talung
duwe anak.... talung
mil ketemil .... mil ketemil
si kidang mangan lembayung

Pitik Tukung
Aku duwe pitik pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gok petok petok ngendok pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondol trondol tanpa wulu
Mondol mondol dol gawe guyu

Lir ilir
Lir ilir lir ilir tandure wong sumilir
Tak ijo royo royo
Tak sengguh penganten anyar
Bocah angon bocah angon penekno blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekno kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro dodotiro kumintir bedah ing pinggir
Dondomono jrumatono kanggo seba mengko sore
Mumpung padang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo surak’0 surak hiyo



(dari berbagai sumber)